Wayang Warisan Budaya Indonesia (Teges, Sejarah, Jenis Wayang)

Wayang klebu warisan budaya Indonesia. Jenis wayang ing Indonesia akeh rupane. Wayang ora cuman mung seni nanging uga dadi jati diri bangsa dan peradaban Indoenesia.

Rencang-rencang mesti wis tau nonton wayang, nah wayang sing ditonton kui klebu jenis wayang opo? Yen durung ngerti, yuk simak artikel ing ngisor iki sing bakal bahas babagan wayang saka tegese, sejarah, fungsi, lan jenise.

Wayang Warisan Budaya Indonesia

A. Tegese Wayang

Wayang yaiku salah sawijing pertunjukkan sing menarik penonton amagra nduweni alur carita sing apik lan dieksekusi dening dalang. Dalang yaiku aktor penting  ana ing pertunjukkan wayang. Dalang dadi sutradara, pemimpin carita, lan mainke gerak peraga tokoh wayang sing ditampilake.

Wayang kui wewayanganing ngaurip. Nilai-nilai intangible wayang yaiku memayu-hayu bawana, jiwa ksatria budi luhur, kasempurning urip, harmoni dadi falsafah Timur sing iso dikaji kanggo nglengkapi falsafah Barat.

B. Sejarah Wayang

Wayang diperkirakke wis ono lan berkembang ing Nusantara kawit tahun 1500 SM dadi bagian saka ritual. Nenek moyang percaya yen roh utawa arwah wong sing wis meninggal tetep urip lan iso menehi pitulung kanggo sing ijeh urip. 

Mulane, roh-roh kui dipuja lan diarani “hyang” utawa “dahyang” sing digambarake nganggo bentuk patung utawa gambar. Saka kui lah asal usul pertunjukkan wayang, walaupun wayang ijeh digambarakke ing bentuk sederhana.

Ing zaman kae, fungsi wayang dadi media kanggo ngehormati arwah nenek moyang. Banjur kui, ing zaman Hindu-Buddha ing Indonesia, miwiti carita Ramayana lan Mahabharata berkembang pesat lan ditambahi tokoh-tokoh ing kacrita kasebut. Mulane kui, wayang iso berakulturasi karo budaya masyarakat setempat. 

Pas awal kasebaran agama Islam, wayang dadi media dakwah lan ditambahi tokoh-tokoh, pengembangan carita, disesuaikke karo jalan carita ben ora bentrokan karo ajaran agama. Ing zaman saiki, wayang uga dadi media propaganda politik.

Nganti saiki, wayang iso tetep ono lan diminati karo masyarakat. Wayang saiki wis dipengaruhi karo agama, nilai-nilai budaya sing iso masuk ing budaya Indonesia.

C. Fungsi Wayang

Fungsi wayang yaiku:

  1. Wayang dadi media efektif kanggo nyampaikake pesan, informasi, lan pelajaran
  2. Wayang kanggo nyebarake agama saka agama Hindu nganti agama Islam
  3. Miturut asale, wayang dadi ritual kanggo roh leluhur sing nganut kepercayaan “hyang”
  4. Wayang dadi media komunikasi sosial
  5. Wayang nduweni nilai pendidikan, kebudayaan, lan ajaran-ajaran saka filsafata Jawa.

D. Hari Wayang Nasional

Wayang dadi seni edipeniadiluhung yaiku seni sing bagus lan nduweni nilai-nilai keutaamaan urip. Mulane kui, UNESCO netepake wayang dadi “Materpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity” pas 7 November 2003. Wayang uga klebu dadi daftar Warisan Budaya Takbenda UNESCO” kanggo kategori Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity migunakake judul “The Wayang puppet theater” tanggal 4 November 2008.

Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomor 30 tahun 2018, tanggal 17 November 2018, Pemerintah netepake 7  November dadi Hari Wayang Nasional (HWN). Direktur Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) Hikmal Farid ngomong yen Presiden Joko Widodo langsung nandatangani Keputusan Presiden babagan Hari Wayang Nasional ana ing ngarep para perwakilan budayawan lan seniman ana ing Istana Merdeka.

Ditetepake Hari Wayang Nasional kanggo momentum puncak kesadaran, eprsatuan, kesenengan masyarakat wayang Indonesia kanggo ngelestarikake, ngembangke, lan ngekaji wayang kanggo mujudake kebudayana nasional sing dinamsi lan modern. Hari Wayang Nasional diharapke iso dadi pemicu masyarakat pewayangan kanggo ningkatake apresiasi lan sarana kanggo bentuk jati diri lan karakter bangsa.

E. Jenis Wayang

Jenis wayang sing ana ing Indonesia yaiku:

1. Wayang Beber

Wayang beber klebu wayang paling tua ing Indonesia. Wayang iki disajikake migunake lembaran gambar banjur kui dinarasikake dening dalang. Wayang beber asale saka Pacitan, Donorojo, Jawa Timur. Wayang iki migunakake kisah Mahabharata, Kisah Ramayana, carita rakyat, kisah Asmara Dewi Sekartaji.

2. Wayang Kulit

Wayang kulit dadi wayang sing populer ing Jawa Tengah lan Jawa Timur. Wayang iki bentuke pipih lan digawe saka bahan kulit kebo utawa kulit wedhus. Bagian lengan lan sikil wayang iso digerakke. Ing Jawa lan Bali, wayang kulit biasane dikombinasikake nganggo carita Hindu, Buddha, lan Islam. Lumrahe wayang kulit migunakake mitos utawa carita rakyat saka daerah tertentu.

3. Wayang Klitik (Krucil)

Wayang klitik bentuke meh mirip karo wayang kulit. Bedane wayang klitik migunakake bahan kayu. Nalika pementasan wayang klitik, muni suara “klitik” sing sumbere saka suara kayu sing dimainke dalang. Lumrahe wayang iki ngangkat carita saka Kerajaan Jawa Timur kayata Kerajaan Kediri, Kerajaan Majaphit, lan Kerajaan Jenggala. Carita sing populer saka wayang iki yaiku Carita Damarwulan.

4. Wayang Golek

Wayang golek migunakake wayang telu dimensi sing digawe saka kayu. Wayang iki populer ing daerah Jawa Barat. Pertunjukkan wayang golek sing terkenal yaiku migunakake adat Jawa lan Islam kayata kisah Pangeran Panji, Damarwulan, lan lainne.

5. Wayang Wong

Wayang wong migunakake wong asli kanggo meranke tokoh ana ing carita. Awale, wayang iki kanggo ngehibur kaum bangsawan. Nanging saiki wayang wong dadi karya seni sing populer ing kalangan masyarakat.

6. Wayang Purwa

Wayang purwa dianggap gaya paling tua lan paling populer. Wayang iki digawe migunakake cara tradisional sing kegawe saka tanduk kebo sing ana ing tengah lan nyekel kabeh bagian wayang saka sikil, pinggang, dada, nganti kepala lan rambut.

7. Wayang Parwa

Wayang parwa yaiku wayang sing asale saka Bali. Wayang iki biasane migunakake “blencong”. Blencong yaiku cahaya sing asale saka perunggu banjur kui diisi nganggo lilin minyak kelapa.

8. Wayang Betawi

Wayang Betawi migunakake gaya sing populer ing kalangan masyarakat lan budaya Betawi. Budaya Betawi sumbere saka Batavia utawa ibu kota Indonesia saiki. 

9. Wayang Sasak

Wayang Sasak asale saka Nusa Tenggara Barat ana ing Indonesia bagian Timur. Wayang iki dikembangke ben portable bareng karo alat music sing sederhana.

10. Wayang Palembang

Wayang iki populer ing Palembang, bagian selatan saka Pulau Sumatera. Wayang ini nduweni pilihan penggunaan warna sing beda karo wayang sing ana ing Jawa. Wayang Palembang ngadopsi saka basa Melayu Palembang lan orkestra gamelan uga rebana.

11. Wayang Cirebon

Wayang Cirebon populer ing daerah Cirebon, Jawa Barat. Wayang iki migunakae basa campuran yaiku Sunda lan Jawa, pilihan warna wayang jenis iki luwih wani lan kontras.

12. Wayang Kancil

Wayang kancil ora nyeritakake babgan bangsawan utawa dewa. Wayang jenis iki lumrahe nyeritake nggunakake gaya sing berhubungan karo kewan. Wayang sing paling populer yaiku wayang kancil sing dikenal seneng nyolong timun.

13. Wayang Ukur

Wayang ukur dianggep dadi wayang kontemporer. Wayang iki berkembang ana ing tahun 70-an. Gayang ukur nyajikake standar pertunjukkan sing sederhana lan migunakake musik digital.

REFERENSI

  • Kompas. (2022). “Jenis-Jenis Wayang yang Populer di Indonesia”. https://www.kompas.com/skola/read/2022/09/10/130000269/jenis-jenis-wayang-yang-populer-di-indonesia?page=all
  • Maria Ulfa. (2022). “Sejarah Wayang di Indonesia: Jenis-Jenis Serta Fungsinya”. https://tirto.id/sejarah-wayang-di-indonesia-jenis-jenis-serta-fungsinya-go6j
  • Jendela Kemendikbud. (2022). “Wayang: Aset Budaya Nasional Sebagai Refleksi Kehidupan dengan Kandungan Nilai-Nilai Falsafah Timur”. https://jendela.kemdikbud.go.id/v2/kebudayaan/detail/wayang-aset-budaya-nasional-sebagai-refleksi-kehidupan-dengan-kandungan-nilai-nilai-falsafah-timur

Materi liyane

  1. Teks Sesorah (Pidato Basa Jawa)
  2. Kumpulan Carita Rakyat Basa Jawa
  3. Kisah Bala Kurawa, Musuhe Pandhawa