Kumpulan Carita Rakyat Basa Jawa
Carita rakyat basa Jawa yaiku carita sing teka Jawa lan diceritakake nganggo basa Jawa asli. Sebenere carita rakyat basa Jawa kui akeh banget nanging zaman saiki akeh sing wis digawe nganggo basa Indonesia.
Rencang-rencang wis ngerti durung opo wae sing klebu carita rakyat Jawa kui? Yen durung yuk simak penjelasan ana ing artikel ngisor iki.
A. Tegese Carita Rakyat
Carita rakyat yaiku carita sing asale saka masyarakat lan terus berkembvang ana ing masyarakat ing zaman lawas sing dadi ciri khas utawa karakteristik saben bangsa. Carita rakyat nduweni kultur budaya sing akeh ragame mencakup kasugihan sejarah lan budata sing diduweni bangsa kui.
Lumrahe carita rakyat kui ngisahake kejadian ing suatu panggon utawa asal muasal ngadege panggon daerah kui. Tokoh-tokoh sing ana ing carita rakyat iso awujud manungsa, dewa, utawa kewan.
B. Ciri-Ciri Carita Rakyat
Ciri-ciri carita rakyat yaiku:
- Ora nduwe jeneng pengarang (sifate anonim)
- Nduweni akeh macem lan versi
- Caritane ora berkembang nggawa tulisan nanging saka lambe ing lambe
- Sing nggawe carita rakyat ora dingerteni
- Nduweni sifat tradisional
- Nduweni akeh nilai-nilai luhur
- Carita ana ing carita rakyat sifate turun-temurun
- Carita rakyat nduweni bentuk klise ana ing langkah utawa susunan tulisanne
C. Jenis-Jenis Carita Rakyat
Jenis-jenis carita rakyat yaiku:
- Fabel yaiku carita rakyat sing tokoh caritane migunakake kewan. Banjur kui kewan kasebut iso berperilaku kayata manungsa. Contohe yaiku Si Kancil yang Cerdik.
- Mitos yaiku carita sing isine dewa-dewi utawa jenis carita rakyat sing sifate sakral lan kebak mistis. Contohe yaiku Kisah Nyi Roro Kidul.
- Legenda yaiku carita rakyat sing isine babagan asal muasal kedadeyan suatu panggon. Contohe yaiku Tangkuban Perahu.
- Sage yaiku carita rakyat sing nduweni kandungan unsur-unsur sejarah. Contohe yaiku Roro Jonggrang.
- Epos yaiku carita rakyat sing isine babagan kepahlawanan. Contohe yaiku Mahabharata.
- Carita Jenaka yaiku carita rakyat sing isine babagan hal-hal sing lucu. Contohe yaku Pak Belalang lan Cerita Si Kabayan.
D. Tuladhane Carita Rakyat Jawa
Tuladhane carita rakyat Jawa yaiku:
1. Tangkuban Perahu
Zaman mbiyen, ono putri rojo ing Jawa Barat asmanipun Dayang Sumbi. Dheweke nduwe putro lanang naminepun Sangkuriang. Bocah kuwi seneng mburu ing tengah alas.
Ingkang mburu, dheweke dikancani Tumang, asu favorit istana. Sangkuriang orang ngerti yen asu kuwi minangko titisane dewo lan ugo bapake. Ing sawijining dino, Tumang dikongkong Sangkuriang mburu kewan.
Tumang ora gelem nuruti perintahe Sangkuriang kuwi. Ugo Tumang iku mau dibuang neng alas. Naliko balik marang istana, Sangkuriang nyritakake kedadean iku mau marang ibune. Dayang sumbi nesu lan keciwo naliko krungu crita kuwi.
Dayang Sumbi nyabet sirahe Sangkuriang nganggo sendok pari sing dicekel. Sangkuriang ingkang nesu minggat teko umahe. Amergo iku mau, Dayang Sumbi nesu lan gethun karo awake dhewe. Dayang Sumbi topo.
Sakwise pirang – pirang tahun ngumboro, Sangkuriangg moleh nang negarane. Tekan kono, kerajaan wis ganti kabeh. Sangkuriang ketemu bocah wadon ayu ingkang namine Dayang Sumbi. Sangkuriang ora ngerti Dayang Sumbi iku mau ibune amergo rupane sing ora iso tua. Iku mau pancene hadiah teko dewo. Dayang Sumbi bakal due keindahan rupo tanpa wates.
Kagum karo keindahane Dayang Sumbi iku mau, Sangkuriang nglamar dheweke. Amarga pemuda iku mau tampan, Dayang Sumbi kesengseng karo Sangkuriang. Ing sawijining dino, Sangkuriang nyuwun pamit kanggo mburu. Dheweke njaluk tulung marang Dayang Sumbi kanggo ndandani bandhile.
Pas iku, Dayang Sumbi kaget naliko ndeleng bekas luka ing sirahe calon garwane iku mau. Catu iku mau kayadene tatune anake sing wis ilang welasan tahun. Akhire Dayang Sumbi nggathek ake praupane Sangkuriang ingkang ternyata podo banget karo putrone sing ilang pirang – pirang tahun.
Dayang Sumbi wedi ndadikno Sangkuriang garwane. Dayang Sumbi menehi syarat. Syarat kaping pisan, dheweke njaluk wong nom noman supoyo iso mbendung kali Citarum. Kaping pindo, Dayang Sumbi Njaluk Sangkuriang nggawe prau seng gede kanggo nyebrang kali. Keloro syarat iku mau kudu dipenuhi sakdurunge subuh.
Sangkuriang langsung tumindak dateng tugas syarat iku mau. Nganggo kekuatan supranatural, dheweke iso meh ngrampungake tugase. Bareng penggaweane iku mau arep rampung, Dayang Sumbi mrentah pasukane kongkong gulung kain sutra abang ing sisih wetan kutho supoyo Sangkuriang ndeleng kutho iku mau wes isuk.
Sangkuriang ngamuk amarga ora iso menuhi syarat teko Dayang Sumbi. Kanthi kekuatan, dhweke nyuwil bendungan sing digawe mau banjur nendhang praune. Prau iku mau ngambang lan tibo ing gunung sing diarani Tangkuban Perahu.
2. Roro Jonggrang
Ing jaman kerajaan, Rojo Kerajaan Prambanan nduweni putri ingkang ayu namine Roro Jonggrang. Ing sisihane, ono Kerajaan Pengging ingkang nduweni cita – cita nggedekake kerajaan. Kerajaan iku mau dipimpin kstaria sakti mandraguna namine Bandung Bondowoso.
Saliyane duwe gaman sakti, Bandung Bondowoso ugo nduweni tentara jin sing nulungi dheweke nyerang kerajaan liyane lan nggayuh kekarepane nggedekake kerajaan. Ing sawijining wektu, Bandung Bondowoso nyerang kerajaan Prambanan kanggo njupuk wilayah luwih akeh.
Amergo ora ono persiapan, Raja Prambanan lengser dan tiwas sawektu diserang. Bandung Bondowoso dadi raja ing Kerajaan Prambanan. Ing sawijining wektu, dheweke weruh bocah wadon ingkang ayu namine Roro Jonggrang. Bandung Bondowoso langsung nglamar.
Sejatine Roro Jonggrang sengit ingkang Bandung Bondowoso amergo dheweke weruh Bandung Bondowoso kuwi ingkang nyerang bapake sampek tiwas. Nanging ing sisih liyane, Roro Jonggrang wedi nolak proposal Bandung Bondowoso. Alhasil Roro Jonggrang ngeki syarat ingkang susah dikabulake.
Roro Jonggrang ngarepake Bandung Bondowoso kudu nggawe 1000 candhi lan 2 sumur dalam wektu sewengi. Bandung Bondowoso ugo setuju amergo dheweke due tentara jin sing iso nulungi dheweke ngrampungake tugase iku mau kanthi cepet. Bandung Bondowoso meh nuntasake garapane iku mau. Roro Jonggrang ingkang weruh ugo nggolek coro supoyo Bandung Bondowoso gagal.
Roro Jonggrang ngundang pelayane kanggo nulungi ngobong jerami, muni lesung lan nyebar kembang wangi. Sawise jerami kuwi dibong, ora suwe langit katon abang, lesung wiwit muni lan aroma kembang wiwit mambu.
Amargo kuwi, tentarane Bandung Bondowoso ninggalake gawiyan sing meh rampung iku mau amarga wedi srengenge katon pertondo isuk bakal teko. Bandung Bondowoso bengok – bengok nyeluk pasukane nanging ora ono sing bali. Banjur dheweke ngerusakake gaweyan iku mau amarga mangkel.
Akhire dheweke muni marang Roro Jonggrang “Gawenanku dorong mari cah ayu. Kurang 1, kowe sing kudu njangkepi gawenanku iki”. Iku mau sing dadi asal mula Candi Prambanan lan patung – patung ing candhi kuwi.
REFERENSI
- Hanif Pram. (2022). “Cerita Rakyat Bahasa Jawa”. https://www.pinhome.id/blog/cerita-rakyat-jawa/
- Dongeng Cerita Rakyat. (2022). “Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat”. https://dongengceritarakyat.com/cerita-rakyat-bahasa-jawa-singkat/