Contoh Tembang Dolanan Basa Jawa

Zaman saiki wis migunakake handphone ing kabeh kebutuhan. Handphone iso ngakses opo kabeh sing lagi dibutuhake dening manungsa termasuk dolanan. Ing zaman biyen, cah cilik dolanan ing njobo omah bareng karo kanca lainne. Bocha-bocah kui nyanyikake tembang dolanan Jawa.

Rencang-rencang wis ngerti durung opo wae sing kalebu tembang dolanan Jawa kui? Supaya ngerti, yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

Contoh Tembang Dolanan Basa Jawa

A. Tegese Tembang Dolanan Jawa

Tembang dolnana yaiku salah sawijing tembang sing lumrahe ditembangake karo bocah-bocah nalika dolanan. Tembang dolanan nduweni ajaran moral spiritual sing dikanggokake generasi enom.

Tembang dolanan disajikake migunakake nada sing seru diiiringi tari lan dolanan. Mulane kui nasihat sing disampekake ana ing njero tembang dolnanan iso gampang ditampa dibandingke nasihat sing migunakake kalimat biasa.

Lumrahe tembang dolanan nduweni sayiar lan nada sing ceria lan sederhana sahingga cocok dinyanyikake dening bocah-bocah. Tembang dolanan uga kerep migunakake kewan utawa alam kanggo representasi ben luwih gampang ditampa dening bocah cilik.

B. Ciri-Ciri Tembang Dolanan Jawa

Tembang dolanan Jawa nduweni ciri-ciri yaiku:

  1. Disebarke nganggo lisan
  2. Sifate tradisional
  3. Isine lirik sing lugu
  4. Teka ing akeh bersi lan varian sing beda
  5. Nduweni bentuk sing berumus lan berpola

C. Jenis-Jenis Tembang Dolanan Jawa

Tembang dolanan Jawa nduweni rong jenis yaiku:

1. Tembang dolanan gagrag lawas

Tembang dolanan gagrag lawas yaiku jenis tembang dolanan sing ora dingertine jeneng pengarang lan sifate klasik sahingga makna lagune angil ditebak. Contohe yaiku Pendhisil, Wajibe Dadi Murid, Jaranan, lan Lir-Ilir.

2. Tembang dolanan gagrag anyar 

Tembang dolanan gagrag anyar yaiku jenis tembang dolanan anyar sing gampang dipahami lan dingertine jeneng pengarang lagu kui. Contoh tembang dolanan gagrag anyar yaiku Gugur Gunung karya Ki Narto Sabdo, Solo Berseri lan Mas Sopir karya Ki Anom Suroto, lan Wonogiri Sukses karya Sarwanto, S. Kar.

D. Contoh Tembang Dolanan Jawa

Contoh tembang dolanan Jawa yaiku:

1. Lir-Ilir

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo

2. Kupu Kuwi

Kupu kuwi tak cekele (incupe)
Mung abure ngewuhake
Ngalor ngidul
Ngetan bali ngulon

Mrana mrene ing saparan paran
Mencok cegrok mlabur bleber (Sapa bisa ngicupake)
Mentas mencok cegrok
Banjur (nuli) mabur bleber

3. Jaranan

Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh

Jaranan, jaranan, jarane jaran teji.
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek turut lurung

Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher

Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung

Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher

Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh

Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung

Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher

Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung

Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher

4. Jamuran

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa

5. Gambang Suling

Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane

Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane

Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane

6. Cublak-Cublak Suweng

Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudhel
Pak Empong lerak-lerek
Sopo ngguyu ndelekakhe

Sir-sir pong dele kopong
Sir-sir pong dele kopong

7. Menthok-Menthok

Menthok, menthok tak kandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumu
Megal megol gawe guyu 

8. Gugur Gunung

Ayo
Konco
Ngayahi karyaning projo
Kene
Kene
Gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun
Bebarengan ro kancane
Lila lan legowo
Kanggo mulyaning nagoro
Siji
Telu
Maju papat papat
Diulang ulungake
Mesthi enggal rampunge
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris

9. Gundul-Gundul Pacul

Gundul gundul pacul cul gelelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

10. Gajah-Gajah

Gajah-gajah
Kowe tak kandhani
Mripat kaya laron
Siyung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale

Buntut cilik
Tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Mung Iakumu megal-megol.

11. Sluku-Sluku Batok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Romo menyang Solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit lolo loba
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleko duit

12. Bang-Bang Tut

bang bang tut
jendela uwo uwo
sapa bali ngentut
ditembak raja tua
tua tua kaji
pak kaji nggodhog roti
roti roti gandos
sing ngentut bokonge mbeledd...dossshh!!

13. Dhondhong Opo Salak

Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik

Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik

Adi ndherek ibu
Tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel
Ora pareng nakal

Mengko ibu mesti
Mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti
Ati diparingi

Dondong opo salak
Duki cilik-cilik
Gendong opo pundak
Ojo ngithik-ithik

Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik

Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik

Ati ndelek ibu
Tindak menyang pasal
Oya payeng yewel
Oya payeng nakal

Mengko ibu mesti
Mundhut oyeh-oyeh
Aacang kalo loti
Ati dipalingi

Ondong opo alak
Duki ilik-ilik
Gendong opo pundak
Ojo ngithik-ithik

14. Pitik Walik Jambul

Pitik Walik Jambul
Pitik Walik Jambul
Sega golong mambu enthong
Manga sami kundur
Weteng kula sampun kothong
Enake, enak
Sega liwet jangan terong
Teronge ijo
Bocahe keset dadi bodho
Teronge bunder
Bocahe sregep dadi pinter

15. Kodok Ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung
teyot teyot teblung

Bocah Pinter Bocah Pinter
Besok Jadi Dokter
Numpak Opo Numpak Opo
Numpak Kapal Mabur

Bocah Bodo Bocah Bodo
Jaluk Dijamoni
Jamu Opo Jamu Opo
Temulawak Pahit

Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung
teyot teyot teblung

Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung
teyot teyot teblung

Bocah Pinter Bocah Pinter
Besok Jadi Dokter
Numpak Opo Numpak Opo
Numpak Kapal Mabur

Bocah Bodo Bocah Bodo
Jaluk Dijamoni
Jamu Opo Jamu Opo
Temulawak Pahit

Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung
teyot teyot teblung 

16. Saiki Aku Wis Gede

Saiki aku wis gedhe
Sekolah mangkat dhewe
Ora usah dieterake
Bareng karo kancane

Yen mlaku turut pinggiran
Ora pareng gojegan
Ning ndalan akeh kendharaan
Mengko mundhak tabrakan

17. Kidang Talun

Kidang talun
Duwe anak talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lemba yung

Tikus buntung
Duwe anak buntung
Ci cit cuit ci cit cuit
Si tikus sobo neng wuwung

Gajah belang
Duwe anak belang
Nuk renggunuk nuk renggunuk
Gedene meh podo gunung

Tikus buntung
Duwe anak buntung
Ci cit cuit ci cit cuit
Si tikus sobo neng wuwung

Tikus buntung
Duwe anak buntung
Ci cit cuit ci cit cuit
Si tikus sobo neng wuwung

Gajah belang
Duwe anak belang
Nuk renggunuk nuk renggunuk
Gedene meh podo gunung

18. Gotri

Gotri legendri nogosari, ri
Riwul iwal uwul jenang katul, tul
Tolen olen olen ndelok manten ten
Titenono besuk gedhe dadi opo, po
Podang mbako enak mbako sedheng dheng
Dhengkok engkak engkok dadi kodok 

19. Prau Layar

Yo konco ning nggisik gembiro
Anglerap-lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto

Alon praune wis nengah
Byak byuk byak banyu pinelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu

Adik njawil dik
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe-awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

Yo konco ning nggisik gembiro
Anglerap-lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto

Alon praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu

Adik njawil dek
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe-awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

Yo konco ning nggisik gembiro
Anglerap-lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto

Alon praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu

Adik njawil dek
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe-awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

20. Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu, yo mas
Jamu godhong telo
Suwe ora ketemu
Temu pisan ojo gelo

Suwe ora jamu, yo mas
Jamu godhong meniran
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan dadi pikiran

Wis suwe yo mas ora jamu
Jamu godhong sligi
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan dadi ati

Abang-abang ora kurang
Sing ijo di undhuhi
Sing legan ora kurang
Sing duwe bojo kok di rusuhi

Ireng-ireng montore kanjeng, yo mas
Ganen rene tak setirane
Yen podo seneng aja mung mandeng
Golekana ngendi omahe

Wis suwe yo mas ora jamu
Jamu rempah rempah
Wis suwe ora ketemu
Temu maneh karo mbak waljinah

REFERENSI

  • Rifan Raditya. (2021). “5 Tembang Dolanan Jawa dan Jenis-Jenis Tembang”. https://www.suara.com/entertainment/2021/06/21/140718/5-lirik-tembang-dolanan-jawa-dan-jenis-jenis-tembang?page=all
  • Kumparan. (2021). “Tembang Dolanan: Pengertian, Jenis, Ciri-Ciiri, dan Contohnya”. https://kumparan.com/berita-update/tembang-dolanan-pengertian-jenis-ciri-ciri-dan-contohnya-1x4X6EcSGGy/full
  • Jestica Anna. (2022). “21 Contoh Tembang Dolanan Jawa”. https://adjar.grid.id/read/543275809/21-contoh-tembang-dolanan-jawa?page=all
Materi liyane

  1. Basa Jawa: Cangkriman
  2. Pandhawa: Sejarah, Tokoh, lan Karakter
  3. Tembung Kosok Balen lan Contoh Tembung Kosok Balen