Pandhawa: Sejarah, Tokoh, lan Karakter

Bahas wayang mesti ora kena lali karo tokoh pewayangan Pandhawa. Nanging, rencang-rencang opo wis ngerti sopo wae pandhawa kui?

Ing ngisor iki kita bahas Pandhawa kanti tuntas. 

Pandhawa Sejarah, Tokoh, lan Karakter

A. Arti Jeneng Pandhawa

Pandhawa saka basa Sanskerta sing artine putra Pandhu yaiku raja Hastinapura marang wiracarita Mahabharata. Pandhawa keisi lima wong yaiku Yudistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Pandhawa klebu tokoh apik ana ing Mahabharata. Dening tokoh sing nduweni sifat ala yaiku Dretarasta lan Kurawa.

Ana ing carita Mahabharata, kelima Pandhawa kui nikah karo Drupadi sing berpartisipasi ana ing kompetisi kerajaan Panchala. Masing-masing anggota Pandhawa nduweni putra saka Drupadi.

Pandhawa yaiku karakter utama lan bagian penting ana ing epos Mahabharata. Hal kui amarga Pandhawa melu pertempuran gede ing daratan Kurukshetra. Pertempuran kui, Pandhawa ngelawan Kurawa lan para sekutu.

B. Sejarah Pandhawa

Carita wayang dadi kisah legendaris ana ing masyarakat Hindu. Ing India lan Indonesia nalika ana kerajaan Hindu berkembang budaya ana ing masyarakat kepulauan. Budaya kui tuladhane kaya buku karangan Mpu Panuluh lan Bharatayudha karya Mpu Sedah. 

Kisah Bharatayudha yaiku pertempuran antara Pandhawa lan Kurawa ing Kurusetra. Pandhawa isine lima kstaria sing ngelambangake kabesikan lan lima kualitas lan kesempurnaan marang manungsa.

Miturut sastra sing ana ing agama Hindu (Mahabharata) sing awujud jelmaan dewa. Kisah kui yaiku:

  1. Yudistira yaiku jelmaan saka Dewa Yama
  2. Bima yaiku jelmaan saka Dewa Bayu
  3. Arjuna yaiku jelmaan saka Dewa Indra
  4. Nakula dan Sadewa yaiku jelmaan saka Dewa kembar Aswin.

C. Tokoh lan Karakter Pandhawa

Pandhawa lima yaiku sebutan kanggo lima bersaudara, putra saka Pandu Dewanata yaiku:

1. Yudistira

Yudistira nduweni jeneng cilik yaiku Pundtadewa. Deweke dadi putra tertua saka lima Pandhawa utawa putra Pandu lan Dew Kunti. Yudistira memerintah ana ing Kerajaan Amarta.

Karakter Yudistira yaiku:

  • Bijaksana
  • Ora nduwe musuh
  • Ora tau ngapusi
  • Nduweni moral sing dhuwur
  • Seneng maafke lan ngampuni musuh sing wis nyerah
  • Adil
  • Sabar
  • Jujur
  • Taat agama
  • Percaya diri

2. Bima 

Bima nduweni jeneng cilik yaiku Sena. Bima anak keloro saka Pandu lan Dewi Kunti. Bima wong sing kuta, lengene dawa, awake dhuwur, lan nduweni wajah sing sbaar dibandingke saudarane sing lain.

Bima pinter mainke senjata gada. Senjata kui diwenehi jeneng Rujakpala. Bima uga disarani Werkudara. Ana ing pewayangan Jawa, Bima nduwe anak sing jenenge Gatotkaca, Antareja, lan Antasena.

Karakter Bima yaiku:

  • Gagah lan waninan
  • Teguh lan kuat
  • Tabah
  • Jujur
  • Setia
  • Ora seneng basa basi

3. Arjuna 

Arjuna nduweni jeneng cilik yaiku Permadi. Arjuna yaiku putra ragil saka Pandu lan Dewi Kunti. Deweke diarani Dewa Perang lan ksatria cerdik, seneng tapa, lan golek ilmu.

Arjuna pinter manah lan dianggep kstaria. Amarga kepinteran Arjuna, deweke dadi tumpuan ben Pandhawa menang ngelawan Kurawa. Jeneng liya saka Arjuna yaiku Janaka. Deweke mimpin ana ing Kerajaan Madukara.

Karakter Arjuna yaiku:

  • Pinter
  • Menengan
  • Telitik
  • Sopan santun
  • Waninan
  • Seneng ngelindungi sing lemah

4. Nakula

Nakula nduweni jeneng cilik yaiku Pinter. Nakula kui anak kembar saka Pandu lan Dewi Madrim. Nakula pinter mainke senjata Pedang. Nakula diarani lanang sing paling ganteng ana ing donyo lan ksatria sing tangguh.

Karakter Nakula yaiku:

  • Jujur
  • Setia
  • Manut ing wong tuwa
  • Pinter jaga rahasia
  • Ngerti carane balas budi

5. Sadewa  

Sadewa nduweni jeneng cilik yaku Tangsen. Sadewa nduwe kembaran yaiku Nakula. Sadewa wong sing rajin lan bijaksana. Sadewa uga pinter ing ilmu astronomi.

Karakter Sadewa yaiku:

  • Jujur
  • Setia
  • Manut ing wong tuwa
  • Ngerti cara balas budi
  • Pinter jaga rahasia

REFERENSI

  • Seputar Pengetahuan. (2020). “Pandhawa Lima: Sejarah, Kisah, Tokoh, dan Karakternya”. https://www.seputarpengetahuan.co.id/2020/08/pandawa-lima.html
  • Sutiono. (2022). “Pandhawa Lima: Sejarah, Tokoh, dan Karakternya”. https://haloedukasi.com/pandawa-lima
Materi liyane:

  1. Pepatah Basa Jawa: Paribasan, Bebasan, lan Saloka (Contoh dan Artinya dalam Bahasa Indonesia)
  2. Kenalan karo Punakawan: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong
  3. Puisi Jawa “Geguritan” lan Tuladhane