Kenalan karo Punakawan: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong

Ing masyarakat Jawa wayang diarani seni sing ora mung kanggo hiburan, uga dadi sara sarana edukasi. Edukasi kui disampaikake lewat crita utawa karakter tokoh wayang kasebut. Salah sijine wayang sing terkenal yaiku punakawan.

Ing artikel iki bakal bahas babagan sejarah punakawan, tokoh punakawan, karakter punakawan, lan ciri-ciri punakawan.

Kenalan karo Punakawan Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong

A. Sejarah Punakawan

Punakawan kui penjelmaan dewa sing isine Semar lan ketelu anake yaiu Gareng, Petruk, lan Bagong. Ana ing cerita pewayangan, punakawan dikenal dening penasihat spiritual, kanca njagong, lan hiburan ana ing kondisi susah. Punakawan uga seneng ngejak para ksatria ben tetep ngelakoni kabecikan.

Punakawan teko kata “pana” sing artine paham lan “kawan” sing artine kanca. Mula kui, punakawan ora mung abdi utawa pengikut biasa tapi deweke uga iso mahami opo sing lagi dirasakake dening majikane lan bertindak dadi penasihat (pamomong). 

Dene biasane ksatria kui nduweni sifat lemah lembut, sopan santun, lan kaku kui ora berlaku ing Punakawan. Punakawan nduweni sifat guyon lan gayeng sahingga seneng dinikmati kaliyan penikmate.

B. Tokoh lan Karakter Punakawan

Karakter punakawan nduweni sifat lan ciri fisik sing beda. Ciri fisik kui nduweni makna beda-beda. Mula iku, yuk simak ciri fisik sing diduweni dening Punakawan.

1. Semar

Ana ing pewayangan, Semar nduweni peran dadi pengasuh golongan ksatria. Semara uga diarani bapak teka tokoh Punakawan lainne. Semara digambarake dening sosok sing sumeh nanging nduweni mripat sembab. Ciri kui nduweni arti kanggo ngelambangake susah lan seneng.

Ana ing kisah Mahabarata versi Jawa, Semar nduweni peran multidemensi yaiku nggawa misi kerakyatan, penumpas kealaan, lan dadi guru kanggo ksatria lainne. Mulane kui Pandhawa hormat kaliyan Semar, amarga Semar sing nduwe pusaka Kerajaan Kalimasada. Berkat kui, Pandhawa kahindar saka musibah.

Ciri-ciri sing diduweni Semar yaiku:

  • Driji telunjuk sing nuding
  • Mripit sipit
  • Awak lemu

2. Gareng

Jeneng lengkape Gareng yaiku Nala Gareng. Arti jeneng kui yaiku ati sing garing. Gareng nduwe sikil pincang sing artine peringatan ben ati-ati saka mala bahaya. Gareng nduweni mripat juling sing artine ben ora kagoda karo duniawi, tangan cacat sing ngelambangake ben ora kepengen karo opo sing ora hake.

Ciri-ciri sing diduweni Gareng yaiku:

  • Sikil pincang
  • Tangan cacat
  • Mripat juling

3. Petruk

Petruk diarani Kanthongbolong sing ngelambangake owah-owahan watak saka ala dadi wong sing becik. Petruk uga dadi tokoh Punakawan sing pinter, pinter njupuk atine wong, lan usil.

Ciri-ciri sing diduweni Petruk yaiku:

  • Awak sing dhuwur
  • Tangan sing dawa
  • Irung sing mbangir

4. Bagong

Bagong digambarake dadi bayangan Semar. Asale, Semar mudhun ing bumi kanggo dadi penasihat manungsa nanging deweke kesepian. Banjur kui Semar njaluk ing bapake ben diwenehi kanca. Mulane kui, bapake nyiptakake baynagan Semar kanggo kanca.

Bagong dadi tokoh Punakawan sing jarang ngomong nanging sekaline ngomong langsung marai nggawe guyu. Bagong uga iso dadi kritikus kanggo tokoh lain sing nglakoni hal sing ora bener.

Ciri-ciri sing diduweni Bagong yaiku:

  • Awak lemu
  • Mripat amba
  • Lambe kandhel

REFERENSI

  • Kumparan. (2021). “Mengenal Punakawan, Karakter Khas Pewayangan Jawa”. https://kumparan.com/berita-hari-ini/mengenal-punakawan-karakter-khas-pewayangan-jawa-1w1oP44xxW0/full
  • Jestica Anna. (2022). “Mengenal Sifat Karakter dan Ciri-Ciri Tokoh Pewayangan Punakawan”. https://adjar.grid.id/read/543103310/mengenal-sifat-karakter-dan-ciri-ciri-tokoh-pewayangan-punakawan?page=all
Materi liyane: