Puisi Jawa “Geguritan” lan Tuladhane

 Indonesia ora cuman nduweni sumber daya alam sing akeh uga ndue akeh suku, agama, ras, budaya, lan tradisi sing unik. Salah sijine yaiku suku Jawa sing migunakake basa Jawa. Saiki, basa Jawa ora mung digunakake kaliyan wong Jawa, nanging uga digunakake dening wong saka suku liyo.

Budaya Jawa sing kerep digunakake yaiku geguritan. Rencang-rencang wis ngerti durung opo kui geguritan? Semisal durung, yuk simak pembahasan gegeritan ana ing ngisor iki.

Puisi Jawa “Geguritan” lan Tuladhane

A. Tegese Geguritan

Geguritan asale saka kata “Gurit” sing artine sajak utawa syair. Sahingga, tegese geguritan yaiku syair, tulisan, utawa kidung sing ditulis nggawa basa Jawa. Geguritan lumrahe digawe lagu utawa dinyanyikake migunakake tembang utawa pupuh.

Geguritan kalebu golongan sastra sing bagus (Puisi) Jawa cara ayar sing tujuanne ngungkapke rasa seneng, kaindahan rasa, nanging ora berpatokan karo aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 

B. Sejarah Geguritan

Geguritan ing Jawa berkembang saka tembang sahing dikenal akeh tembang sing beda-beda. Awale, tembang kui awujud nyanyian lan nduweni sajak sing digawe dening penyair kanggo persembahan pemimping sing lagi kuasa.

Hal kui sing nyebabake karya sastra Jawa klasik bentuk puisi iki sifate anonim. Lumrahe, penyair sing nggawe tembang kui ora pengen nunjukake dirine sahingga karyane dianggap sing nduweni wong akeh.

Banjur kui, geguritan ing Jawa berkembang lan nduweni sinonim puisi bebas yaiku puisi sing ora terikat karo aturan metrum, sajak, lan lagu. Puisi Jawa tradisional berbentuk tembang sing jenise akeh lan dibagi dadi telu golongan yaiku puisi tembang macapat, puisi tembang tengahan, lan puisi tembang gedhe. 

C. Jenising Geguritan

Geguritan dibedakake dadi loro, yaiku:

1. Geguritan tradisional

Puisi Jawa tradisional kui awujud parikan, guritan, singir, lan tembang dolanan. Geguritan tradisional kui diikat nggawa aturan tertentu, yaiku:

  • Jumlah gatra (baris) ora ajeg
  • Saben gatra nduweni wolu wanda (suku kata)
  • Uni ana ing akhir kata suarane podo
  • Ing awal geguritan biasane diawali nggawa kata “sun gegurit) sing artine aku mengarang

2. Geguritan kontemporer

Geguritan kontemporer ora nduweni ikatan ana ing aturan guru lagu (uni vokal ana ing akhir baris) lan guru wilangan (jumlah suku kata saben baris). Tuladhane yaiku tembang utawa kidung.

D. Cara Nggawe Geguritan

  1. Penulis nentukake tema karangan sing arep digawe. Tema kui gagasan pokok sing bakal dijabarke dadi kalimat geguritan. Tema nduweni peran penting amarga dadi wadah ana ing karangan geguritan sahingga karangan sing digawe ora mlenceng saka gagasan pokok sing wis diterapke.
  2. Penulis nentukake gaya basa. Gaya basa kui penting gawe identitas lan ciri khas penulis. Gaya basa uga kudu merhatikakeketerpaduan untaian kata lan rima sing ana ing karangan geguritan.
  3. Langkah terakhir yaiku gae judul geguritan. Judul kui makili sajroning isi geguritan mula kudu digawe ana ing bagian akhir. Judul uga kudu digae sing apik sahingga pembaca tertarik maca geguritan kui. 

E. Tuladhane Geguritan

Tuladhane geguritan tradisional yaiku:

1. Pahlawan

Sun gegurit

Pahlawan..

Blumbang getih sing panjennengan kurban

Mayuta-yuta kringet panjennengan

Kanggo tanah diarep kabeh kalangan 

Abot tenan perjuanganmu

Katresnanmu tak pedhot maringi wektu

Nganti saiki kelingan bektimu

Dungoku ngarep katenanganmu

Maturnuwun pahlawanku

2. Ibu

Sun gegurit

Ibu..

Tansah guyumu nentremke atiku

Tansah mbayangmu ngancani sepiku

Tansah wiwit cilik mulang lakuku 

Dungomu kanggo sukses aku

Dungoku saterosna ngancani uripku

Sing arep melu ngerasake bungahku

Saiki kulo ngarep rasa senengmu

Ibu bidadariku

Tuladhane geguritan kontemporer yaiku:

1. Palaran Tegalejo (Indra Tranggono)

Nalika ngambah jobin pendhapa Tegalreja

Mripatku weruh jubah putih kumlebet kebak wibawa

Sang Pangeran jumeneng tanpa kedheping netra

Sereng, mencereng gawe getering nala

Bangsa penjajah wus salin rupa

Sang Pangeran tansah siyaga 

Ngupaya tetep ngregem ajining dhiri

Tan lena ditlikung raseksa nggegirisi

Gamelan ing pendhapa talu

Ngregem piyandeling Sang Pangeran 

Tembang palaran keprungu

Ngiring brantayuda netepi sedya

Sang Pangeran nyekar 

Kumandhang kanthi swara gandhang

Netra tansah sumunar

Adeg-adeg dhiri dadi cagaking tumandang

“Perang ora mung rebutan bandha donya

Nanging uga sirah lan atining bangsa

Bokor emas kebak kidung kaslametan

Kudu dijaga saka amuking asu ajak manca negara”

Sang Pangeran ora wedi pralaya

Ora gigrig dipegat nikmat bandha donya

Tansah nyawiji, greget sengguh ora mingkuh

Nundhung angkara murka kang wengkis lan angkuh

Tembang palaran tansah kumandhang

Njebol wuwungan pendhapa, nyebar pepadhang

Langit geter!

Rasa wedi lan mindher dadi lumer 

2. Layang Kanggo Emak (Mulyati)

Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi

tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki

wiwit saka jaman Kartini

kenceng ancas ing nguni:

sluman-slumun yasa dadi ramu

lembah manah tansah dadi sangu

“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman

aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman

aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyoré jaman iki

aja getun jroning panemu kang becik

aja kagèt kabèh iku mung pethingan

aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”

Mak, senajan aku wong dhusun

wiwit cilik tansah nelangsa lan getun

pakaryanku mung tandur karo matun

nanging ora kendhat anggonku dikon kèri

sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani

Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni

sing kudu kasinau, bab bakuné kadewasan dhiri

dadia wong kang piguna

rawé-rawé pait getirira dèn rantasi

ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur

sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi

Mak, sembah sujud tambahing pangèstu

aku amung saderma

ora nékad mring kang ala

kabèh iku merga ati rinasa prungsang

laras pénak lamun suci

kanggo pathokan gesang

tata tentrem lair kalawan batin

3. Carita Wayang (Eko Wahyu Nugroho)

Sapa kandha wayang kuwi kuna?

Yen durung ngerti lakuning crita

Wiwit jejer tekaning paripurna

Dudu amung rikala gara-gara

Rentep-rentep piwulang kagambarna

Tindak-tanduk uga tata krama

Kang bisa tansah ngrembaka

Saka isining carita kang kababar

Kababar pitutur suci tumrap dhiri

Dhiri kang tansah nguri-uri

Nguri-uri kabudayan Jawa suci

Miguna mring nagari

4. Ngejaman (Purwadmadi

Jam

gumingsiré kala

dhedhongkèl mangsa lumuh cidra

sengkala tidha ngresepi dina

Jam

panjiret lena

wanciné lingsir sakèhing langsir

pasang brahala rakit walat cintraka

gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala

Ngejaman seksi jaman

Yogya kang gumléwang ngetus ampas panandhang

kangslupan watak sabrang

awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata

nitik laku lampah cidra

5. Wewayangan (Supriyadi)

Panguripanmu wus ginurit

Ing gelare kelir jagad gumelar

Surya pinangka blenconge

Bumi pinangka deboge

Lelakonmu dadi gancare carita

Kang sinanggit Kang Murba Kawasa

Binabar ing pangucap lan polah tingkah

Tangis lan guyu gegen hingane

Banjur kapan babare lelakon

Sawangen polahe kayon

Jejeg miring mirong ngetan mangulon

Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun

Ginarebeg pra widadara widadari

Mungkasi lakon sawengi iki

REFERENSI

  • Iftitah Nurul. (2022). “10 Contoh Geguritan Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema”. https://katadata.co.id/agung/berita/62eb9a6f67357/10-contoh-geguritan-bahasa-jawa-dengan-berbagai-tema
  • Prameswari Sasmita. (2022). “12 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema, Lengkap!”. https://www.sonora.id/read/423461792/12-contoh-geguritan-bahasa-jawa-singkat-berbagai-tema-lengkap
  • Putut Wijaya. (2021). “Contoh Geguritan Gagrak Lawas dan Gagrak Anyar”. https://www.ukulele.co.nz/contoh-geguritan/
  • Gramedia. (2022). “Pengertian Geguritan dan Contoh Geguritan Jawa dan Bali”. https://www.gramedia.com/literasi/pengertian-geguritan/
Materi liyane: