Basa Jawa: Cangkriman

Rencang-rencang ngerti dolanan kata-kata sing awujud teka-teki ana ing basa Jawa diarani opo?. Jawaban saka pertanyaan kui yaiku cangkriman. Ben ngerti luwih akeh babagan cangkriman yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

Basa Jawa: Cangkriman

A. Tegese Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman uga diarani dolanan kata-kata sing awujud teka-teki sing kudu dijawab karo lawan awakedewe. 

Biasane cangkriman bersifat spontan sahingga saat lagi dolanan kui dituntut dadi kreatif. Ing pewayangan, cangriman biasane digunakake kanggo sayembara ing lakon cerita. Cangkriman uga dimanfaatke kanggo syair utawa lirik tembang.

B. Ciri-Ciri Cangkriman

  1. Cangkriman diarani tebakan utawa teka-teki sing kudu dijawab
  2. Cangkriman ora ganggu gantine suasana ati
  3. Cangkriman ora terikat karo bunyi utawa rima
  4. Cangkriman awujud ttebakan sing nduweni makna lan kudu ditemukake jawabanne.

C. Jenis-Jenis Cangkriman lan Tuladhane

1. Cangkriman tembang

Cangkriman sing ditemuni ana ing tembang Jawa. Jenis iki biasane ana ing tembang Pucung, Asmaradana, Pangkur, lan Kinanthi. Cangkriman ana ing tembang manggoni siji bait. Nanging ono sing migunakake loro tembang utawa luwih.

Tuladhane cangkriman tembang yaiku:

a. Pucung

Bapak pucung cangkemu marep mendhuwur (bapak pucung mulutmu menghadap ke atas)

Sabane ing sendhang (perginya ke mata air)

Pencokane lambung keirng (hinggapnya di pinggang kiri)

Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya (sampai rumah si pucung memuntahkan air)

Jawabanne: klenthing panggonan banyu

b. Asmaradana

Wonten ta dhapur sawiji (adalah suatu wujud)

Tanpa sirah tanpa tenggak (tanpa kepala tanpa leher)

Mung gatraning weteng bae (hanya berbentuk perut saja)

Miwah suku kalihira (dan kaki keduanya)

Nging tanpa dlamakan (tetapi tanpa telapak kaki)

Kanthaning bokong kadulu (bentuknya bokong dapat dilihat)

Rumaket ing para priya (akran pada pria)

Jawabanne: Katok 

c. Pangkur

Badhenen cangkriman ingwang

Tulung-tulung ana gedhang awoh gori

Ana pitik ndhase telu

Gandhenana endhase

Kyai Dhalang yen mati sapa sing mikul

Ana buta nunggang grobag

Selawe sunguting gangsir. 

Jawaban: 

  • Gedhang awoh gori maksudnya gedhang awoh ditegori, pisang berbuah ditebangi
  • Pitik ndhase telu maksudnya pitik ndhase dibuntel wulu, ayam kepalanya dibungkus bulu
  • Ki Dhalang maksudnya kadhal dan walang, atau  belalang. Jadi kalau mati ya tidak ada yang memikul
  • Ana buta nunggang grobag, maksudnya tebu ditata, tebu setelah ditata dimasukkan gerobak, kalau sekarang masuk truk Selawe sunguting gangsir, maksudnya selawe adalah sak lawe, sebesar lawe atau benang tenun.

d. Kinanthi 

Wonten putri luwih ayu (ada putri yang amat cantik)

Tan ana ingkang tumandhing (tidak ada yang menandingi)

Sariranira sang retna (badan sang dewi)

Owah-owah saben ari (berubah setiap hari)

Yen rina kucem kang cahya (kalau siang suram cahayanya)

Mung ratri mancur nelahi (hanya pada malam hari bersinar cahayanya)

Jawabanne: Rembulan

2. Cangkriman wancahan

Cangkriman wancahan uga diarani singkatan utawa akronim. Ana ing cangkriman wancahan yaiku penyingkatan kata basa Jawa sing ngilangake suku kata ngarep sahingga sing dinggo yaiku loro suku kata akhir.

Tuladhane cangkriman wancahan yaiku:

  • Keblak ketan = Nangka tiba ning suketan (Nangka yang jatuh di rerumputan).
  • Pakbo lestus = Tapak kebo ana lelene satus (Jejak kaki kerbau ada ikan lele seratus).
  • Busnaskopen = Bubur panas kokopen (Makanlah bubur yang masih panas).
  • Kicak ketan: Kaki macak iket-iketan (kakek-kakek berhias pakai destar)
  • Langdikum ditasbir: Lulang dikum dientas njebibir (Kulit direndam, setelah basah, diangkat akan mengembang)

3. Cangkriman pepindhan

Cangkriman pepindhan yaiku perumpamaan loro objek miturut sifat asli utawa analogi. Cangkriman pepindhan awujud kalimat sing biasane mung siji kalimat utawa luwih.

Tuladhane cangkriman pepindhan yaiku:

  • Pitik walik saba kebon (ayam berbulu keriting berkeliaran di kebun) = Nanas
  • Bapak demang klambi abang yen disuduk nabthuk-manthuk (Bapak Demang baju merah kalau ditusuk mengangguk-angguk) = Tuntut (Bunga pohon pisang).
  • Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo (Bentuknya seperti kerbau, warnanya seperti kerbau, jalannya seperti kerbau, tetapi bukan kerbau) = Gudel (anak kerbau).
  • Bosok malah enak (kalau busuk malah enak) = Tempe atau tape
  • Emboke diidak idak anake dielus-elus (Ibunya diinjak-injak anaknya dibelai-belai): jawab tangga bambu

4. Cangkriman blender

Cangkriman blender yaiku jenis cangkriman sing diarani plesetan. Cangkriman iki nduweni kalimat sing jelas nanging ora arti sing sebenere. 

Tuladhane cangkriman blender yaiku:

  • Gajah ngidak endhog ora pecah (Gajah menginjak telur tetapi tidak pecah) = Gajahe sing ora pecah (gajahnya yang tidak pecah).
  • Gajah numpak becak ketok apane? (Gajah naik becak, apanya yang kelihatan?) = Ketok ndobose (Kelihatan bohongnya).
  • Wong dodol tempe ditalini (Orang yang jualan tempe ditali) = Sing ditalini tempene (yang ditali adalah tempenya).
  • Wong dodol klapa dikepruki (Orang jual kelapa dipukuli) = Sing dikepruki klapane (yang dipukuli adalah kelapanya).
  • Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem (Orang mati ditungguin orang tersenyum-senyum). Jawab: Yang senyum bukan yang meninggal tetapi yang menunggui)

REFERENSI

  • Jestica Anna. (2022). “Mengenal Cangkriman atau Teka-Teki Jawa, Jenis-Jenis, dan Contohnya”. https://adjar.grid.id/read/543201315/mengenal-cangkriman-atau-teka-teki-jawa-jenis-jenis-dan-contohnya?page=all
  • Pemkot Surakarta. (2022). “Mari Mengenal Apa Itu Cangkriman”. https://surakarta.go.id/?p=24041
Materi liyane:

  1. Materi Basa Jawa Kerata Basa lan Tuladhane
  2. Pepatah Basa Jawa: Paribasan, Bebasan, lan Saloka (Contoh dan Artinya dalam Bahasa Indonesia)
  3. Kenalan karo Punakawan: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong