Materi Basa Jawa Kerata Basa lan Tuladhane

Ana tembung ing basa Jawa sing diarani tembung kerata basa utawa jarwo dhosok. Kerata basa kui ngurai kata dadi ungkapan sing pas karo makna kata kui. Kata-kata kui diurak-arik ben cocok karo pengucapan lan suku kata.

Ing artikel iki bakal bahas babagan tembung kerata basa lan tuladhane. Ben rencang-rencang paham ayo simak tuturan ana ing ngisor iki.

Materi Basa Jawa Kerata Basa lan Tuladhane

A. Tegese Tembung Kerata Basa

Kerata basa uga diarani jarwa dhosok. Diarani jarwa dhosok amarga jarwa tegese wedharan utawa katrangan, dening dhosok nduweni teges ndhesek maju. Jarwa dhosok iso diarani keterangan miturut wewancahan tembung kanthi dikira-kira utawa miturut pikirane sing nerangke.

Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa tegese tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Kerata basa uga diarani asal usul tegesing tembung.

Kerata basa kanggo negesi surasaning tembung wewaton asal utawa mulabukane, lumrahe kapirid saka wewancahan wandanem diotak-atik murih mathuke.

B. Tuladhane Tembung Kerata Basa

Ana ing ngisor iki tuladhane tembung kerata basa, yaiku:

1. Anak, tegese samubarang kekarepanne, kudu ana Ian sarwa kepenak.
2. Bapak, tegese bab apa-apa sarwa pepak ngelmune Ian pengalamane.
3. Batur, tegese embat-embate tutur, nindakake pitutur.
4. Buta, tegese kalbune ora ditata.
5. Bocah, tegese mangane kaya kebo, penggawenne ora kena dicacah.

6. Brekat, tegese ujuk-ujuk mak brak-brek banjur diangkat.
7. Cangkem, tegese yen ora dicangcang ora mingkem.
8. Cangkir, tegese nyancang pikir.
9. Cengkir, tegese kencenging pikir.
10. Copet, tegese ngaco karo mepet-mepet.

11. Dhalang, tegese ngudhal piwulang.
12. Denawa, tegese ora ngeden hawa nafsu/ ngumbar nafsu.
13. Desember, tegese gedhe-gedhene sumber.
14. Dongeng, tegese dipaido ya keneng.
15. Garwa, tegese sigare nyawa.

16. Garbu, tegese yen ora mbegar ora iso mlebu.
17. Gedhang, tegese digeged le bar madhang.
18. Gelas, tegese yen tugel angel dielas.
19. Gerang, tegese segere wis arang-arang.
20. Guru, tegese digugu lan ditiru.

21. Gusti, tegese bagusing ati.
22. Januari, tegese hujan sehari-hari.
23. Jaka, tegese apa sing diseja kepingin enggal tumeka.
24. Jungkat, tegese majuning tekat.
25. Kacu, tegese diangkat karo mecucu

26. Kaji, tegese tekade mung siji.
27. Kathok, tegese diangkat rnbaka rnbaka sitok.
28. Kodhok, tegese teka-teka ndhodhok.
29. Kutang, tegese sikute diutang.
30. Krikil, tegese keri ing sikil.

31. Kuping, tegese kaku tur jepiping.
32. Kupluk, tegese kaku tur nyempluk.
33. Kursi, tegese mungkur anggone ngisi.
34. Lanang, tegese ala ing wenang.
35. Ludruk, tegese sikile gedrug-gedrud.

36. Maling, tegese njupuk amale uwong sing ora eling.
37. Mantu, tegese dieman-eman meksa met
38. Maratuwa, tegese mara-mara bareng wis tuwa.
39. Ngelmu, tegese angele yen durung ketemu.
40. Nopember, tegese ananing sumber.

41. Oktober, tegese untub-untubeng sumber.
42. Pacul, tegese yen ngupat lemahe ucul.
43. Pebruari, tegese yen mepe mburu ari.
44. Piring, tegese sepi yen miring.
45. Prawan, tegese yen pepara (dolan) ing wayang awan.

46. Priya, tegese ngoperi kaya
47. Saru, tegese kasar lan keliru.
48. Sejarah, tegese sejane ngarah.
49. Sekuter, tegese disambi sedheku mlayu banter.
50. Sepuh, tegese sabdane ampuh.

51. Setir, tegese senajan wes singset tetep bisa muntir.
52. Semah, tegese isen-isene omah.
53. Simah, tegese isine simah
54. Sinom, tegese isih enom.
55. Sirah, tegese isine erah.

56. Siti, tegese isi bulu bekti.
57. Sopir, tegese yen ngaso karo mampir.
58. Sruwal, tegese saru yen nganti uwal.
59. Sulap, tegese yen kesusu bakal ketilap.
60. Tandur, tegese anggone nata karo mundur.

61. Tapa, tegese tatane kaya wong papa.
62. Tarub, tegese ditata supaya katon murub.
63. Tayub, tegese ditata ben katon guyub.
64. Tebu, tegese anteping kalbu.
65. Tepas, tegese nitip napas.

66. Tumpeng, tegese tumindak sing lempeng.
67. Tuwa, tegese ngenteni metune nyawa.
68. Ukir, tegese ukuraneng pikir.
69. Wanita, tegese wani yen ditata.
70. Wedang, tegese ngawe-awe kadang.

71. Wedhus, tegese wuse ora tau adus.
72. Weteng, tegese ruwet tur peteng.

REFERENSI

  • Jawalogger. (2017). “Pengertian Tembung Kerata Basa Dalam Bahasa Jawa dan Contohnya”. http://www.jawalogger.com/2017/11/pengertian-tembung-kerata-basa-dalam-bahasa-jawa-dan-contoh.html
  • Seni Budayaku. (2020). “Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya”. https://www.senibudayaku.com/2020/03/kerata-basa.html
Materi liyane: