RAGAM TEMBANG MACAPAT SINOM

RAGAM TEMBANG MACAPAT SINOM


Ragam 1
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wonga gung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kepati amar sudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karya nak tyas ing sasama

Ragam 2
Laksi tane janma tama
Ambeg rereh raras ririh
Tan tinggal duga prayoga
Riri ngatan sah liniling
Lamun micara manis
Netya sumeh semu arum
Tanggap nging nora calak
Kawignyan dineleh wuri
Ngarah arah nut wahyaning kala mangsa

Ragam 3
Bang bang wetan wus rahina
Wungua nggenira guling
Medala lawang butulan
Lawang gedhe den jageni
Wanci punapa iki
Wancine sawung kaluruk
Umyung swarane sat
Mager sari padha tangi
Wus rahina wong bagus enggal wungua

Ragam 4
Wewangsalan roning kamal
Pra anom den ngati-ati
Wreksa kang pinetha janma
Golek kawruh kang sajati
Kolik priya upami
Anganggowa reh kang tuhu
Kapika pasren karna
Gegelang munggwing dariji
Aywa tinggal miwah lali pariwarna

Ragam 5
Punika serat kawula
Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula

Baca juga: Ragam Tembang Macapat Pocung

Ragam 6
Ing marga tan kacarita
Ing geladhag sampun prapti
Laju lun alun utara
Sami ninggali waringin
Kagunganing narpati
Dewadaru Jaya daru
Pinacak suji tosan
Ngrembuyung rone ngayomi
Pating klawer salure nyela pang wreksa

Ragam 7
Nadyan tekan jaman kapan
Jiwane pancasilais
Kanggo nggayuh karukunan
Myang tentreming lahir batin
Sabab ing jaman mangkin
Akeh wong kang wus anyingkur
Tumpraping pancasila
Iku eman-eman yekti
Kang ateges datan ngurmati pejuang

Ragam 8
Waringin kembar tinilar
Mlaku-mlaku alon sami
Malebet gedhong njenggarang
Sasanawaka nami
Sinangga sakaneki
Cacah patang puluh wolu
Gyane para bupatya
Miwah sagung para mantri
Samya seba tinindhihan wrangkanata

Ragam 9
Tumraping warga negara
Marang dhasaring negari
Kang winastan pancasila
Aja nganti padha lali
Jalaran iku dadi
Pangiket ingkang satuhu
Mrih manunggaling bangsa
Beda-bedaning agami
Nora perlu padha kanggoregejegan

Ragam 10
Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdataji
Marmaningsun ingutus ywa mindho karya