Materi Parikan: Ciri-Ciri lan Tuladhane

Parikan yaiu unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Parikan ana ing kasustraan Jawa nduweni ciri-ciri khusus sing mbedakake karo jenis karya sastra lainne. Supaya ngerti opo wae ciri-ciri parikan, yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

Materi Parikan Ciri-Ciri lan Tuladhane

A. Tegese Parikan

Parikan yaiku salah sawijining karya sastra sing mirip karo pantun. Parikan nduwenin arti unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho kanggo isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.

Perbedaan parikan karo pantun yaiku ana ing jumlah larik saben bait. Pantun nduweni papat baris dening parikan mung rong baris. Mulane kui, parikan iso dijajarke karo pantun kilay utawa karmina ana ing puisi Melayu.

B. Ciri-Ciri Parikan

Ciri-ciri sing diduweni parikan yaiku:

  1. Nduweni keterkaitkan gatra yaiku aturan jumlah baris saben bait
  2. Nduweni gatra purwaka sing diarani sampiran lan gatra tebusan sing diarani isi utawa inti
  3. Saben gatra keisi rong potongan sing diarani pedhotan
  4. Sajak parikan yaiku sajak silang: a-b kanggo parikan tunggal lan a-b-a-b kanggo parikan ganda
  5. Saben pedhotan terdiri saka papat suku kata sing diarani wanda

C. Jenis-Jenis Parikan

Parikan nduweni rong jenis yaiku:

  1. Pitutur: parikan Jawa sing fungsine kanggo nyampekake pesan awujud nasehat utawa amanah
  2. Paseman: parikan Jawa sing fungsine kanggo guyonan utawa sindiran.

D. Tuladhane Parikan (Contoh Parikan)

1. Parikan Jawa Nasehat

a. Parikan rong gatra

"Manuk emprit mencok pager
Mulang murid, murih pinter"

"Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik, ora papa"

"Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja"

"Tawon madu ngisep sekar
Calon guru, kudu sabar"

"Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wes makmur aja lali mring sedulur"

"Semarang kaline banjir
Aja sumelang ora dipikir"

"Ana brambang sasen lima
Berjuwang labuh nagara"

"Tawon ngentup siseh gulu
Pejabat korup, ojo ditiru"

"Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu sregep"

"Kembang salak tanpa ganda
Sing sumanak marang kanca"

b. Parikan papat gatra

"Gunung Mrapi gunung Merbabu
kali Praga agung banyune
Mangga sami greget sinau
ngangsu kawruh akeh gunane"

"Kali Srayu ngidul iline
kali Praga agung banyune
Ngangsu kawruh akeh gunane
tumrap bangsa aku Ian kowe"

"Surakarta prenahe wetan
Surabaya rame kuthane
Aja padha kesed-kesedan
lha yen kesed kapan pintere"

"Jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa"

"Sega punar lawuh empal
segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal
kudu ulah ati sabar"

"Bibi Surip tuku klobot
pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot
mulo becik ngati-ati"

"Gawe cao nangka sabrang
kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang
ing atase calon guru"

2. Parikan Jawa Sindiran 

a. "Ono kodok ketatap koco
Yen wes mbadok, lali ro konco"

b. "Kutha Kendal Kaliwungu
Ajar kenal karo aku"

c. "Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk"

d. "Iso ngendhang ra iso nyuling
Iso nyawang ra iso nyanding"

e. "Sambel trasi sambel terong
Awake seksi, bathuke nonong"

f. "Kembang suket mekare sore
Ndasku mumet, mikirne kowe"

g. "Wit gedhang cacahe telu
Cintaku terhalang, brengose bapakmu"

h. "Golek banyu tekan Jerman
Ora kudu ayu, penting nyaman"

i. "Jogja Malang Ponorogo
Kadung sayang, ora wani kondo"

j. "Mangan gethuk marai lemu
Senajan ngantuk, tak enteni balesan chatmu"

k. "Tukang parkir lagi wedakan
Sing dipikir, sibuk gendakan"

l. "Wedang bubuk gula jawa
Yen kepethuk, ati lega"

m. "Godhong kecipir mrambat kawat
Najan gak mampir, nanging lewat"

n. "Mbah kakung putune ayu
Arep ditembung, wonge mlayu"

o. "Ngingu wedhus digawekno pager
Wong bar adus, lak mesti seger"

REFERENSI

  • Kumparan. (2021). “Pengertian Parikan dan Contohnya dalam Bahasa Jawa”. https://kumparan.com/berita-terkini/pengertian-parikan-dan-contohnya-dalam-bahasa-jawa-1x9BglLtNEB/full
  • Rizky Amalia. (2022). “Parikan atau Pantun Jawa: Penegrtian dan Ciri-Cirinya”. https://kids.grid.id/read/473147306/parikan-atau-pantun-jawa-pengertian-dan-ciri-cirinya?page=all
  • Seni Budayaku. (2019). “Parikan Jawa (Ciri-Ciri dan Contoh Parikan Jawa Nasehat, Sindiran, dll). https://www.senibudayaku.com/2019/10/parikan-jowo.html
Materi liyane

  1. Basa Jawa Ngoko, Krama Lugu, lan Krama Inggil
  2. Basa Jawa: Cangkriman
  3. Pandhawa: Sejarah, Tokoh, lan Karakter