Teks Sesorah (Pidato Basa Jawa)

Rencang-rencang wis ngerti durung opo sing diarani teks sesorah kui? Teks sesorah yaiku micara gagasan utama panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Artikel iki bakal bahas babagan teks sesorah saka tegese, fungsine, perangane, tuladhane.

Teks Sesorah (Pidato Basa Jawa)

A. Tegese Teks Sesorah

Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Ing basa Indonesia, sesorah kui diarani pidato. Sesorah yaiku komunikasi siji arah sing digunakake kanggo ngungkapke pendapat babagan hal-hal sing bersifat ngajak wong kanggo nglakoni apa sang diomongke.

Sesorah uga ngungkapke pikiran ana in bentuk kata-kata sing dikanggokake kanggo wong akeh kayata ucapan selamet, nyambut tekane tamu, mringati dino-dino gede, lan kegiatan liyane.

Sesorah kui klebu seni monolog ana ing ketrampilan ngomong. Sesorah biasane sifate loro arah yaiku pembicara kudu merhatikake lawan ngomonge walaupun pembicara luwih akeh mendominasi omongan.

Sesorah biasane diomongke dening pemimpin utawa wong sing dianggep penting kanggo ngei arahan utawa nasihat kanggo sing ngrungokake. Fungsi sesorah yaiku kanggo ngei informasi, nasihat, motivasi, peringatan, lan pengetahuan.

B. Fungsine Teks Sesorah

Sesorah biasane katindhaake ana ing acara formal. Biasane sesorah katindhaake dening acara kayata:

  1. Upacara mantenan
  2. Upacara sedekah gunung
  3. Upacara ing sekolah 
  4. Acara sunatan

C. Perangane Teks Sesorah

Supados anggenipun sesorah saged runtut, prayogane mangerteni perangane sesorah. Perangane sesorah yaiku:

1. Salam pambuka

Salam pambuka isine yaiku salam marang para rawuh kayata “Assalamualaikum”. “Nuwun”, “Kula nuwun”, lan salam liyane.

2. Purwaka

Purwaka isine yaiku atur pakurmatan marang para tamau lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acar kui. Purwaka uga isine atur panuwun marang para tamu sing wis iso nglonggarake wektu rawuh ing acara kui.

3. Surasa basa

Surasa basa yaiku isine baba apa sing bakal diaturake manut marang acarane utawa inti sesorah.

4. Wasana basa

Wasana basa yaiku isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih. Wasana basa dibagi dadi loro yaiku atur pangarep-arep lan atur pangapura. 

5. Panutup

Panutup yaiku isine salam panutup. 

D. Tuladhane Teks Sesorah

1. CONTOH Teks sesorah babagan perpisahan

Nuwun bapak utawi ibu kepala sekolah ingkang Kula hurmati, para undangan bapak utawi ibu guru Saha karyawan ingkang kinurmatan. Rencang kelas ingkang kulo tresnani lan kulo banggaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang maha agung. 

Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat sehingga ing dalem puniko Kito saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 6 gunging panuwun tanpa upami kangen bapak lan ibu guru Sedaya.

Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kulo lan konco konco saengga kulo lan konco konco saged ngrampungake kewajiban ing pawiyatan punika. Kula kalian konco konco naming saget memuji, supados Sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. 

Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik adhik Sedaya. 

2. CONTOH Teks sesorah babagan narkoba

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Puji saha syukur kita panjataken dumateng Allah Swt ingkang sampun daya rahmat lan hidayah kagem kita sedaya. Sahingga kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.

Kenapa sarto salam mugi katetepna dumateng nabi muhammad sholallahu alaihi wassalam, lan sedaya matipun dumugi akhir zaman samangki amin.

Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba serta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo pisan-pisan nggunakake narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

3. CONTOH Teks sesorah babagan kesehatan

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo pisan-pisan nggunakake narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

4. CONTOH Teks sesorah babagan pendidikan

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati.

Bapak utawi ibu guru saha karyawan sedaya ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Mangga kito panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit ing wekdal menika kito tasih diparingi pinaringan sehat, sehinggo ing dalem punika saged makempal kanthi pinaringan sehat walafiat.

Lajeng, sholawat serta salam Allahumma sholli ala muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Pemerintah Indonesia sampun ngendikan kanthi terlampir wonten UUD 1945, menawi saben siswa wajib nempuh pendidikan sangang taun. Program wajib belajar menika sakedahipun dimanfaatken semaksimal mungkin. Selaras kalian isi UUD 1945, wonten slogan kang mungelipun "Tuntutlah ilmu sampai negeri Tiongkok".

Kita sedaya saget narik kesimpulan sakedahipun pados ilmu kanthi duwur lan adoh mboten menapa-menapa. Menika amarga ilmu bakal kagem dugi kito sedaya sepuh, uga berguna kagem bangsa lan negara.

Sedaya kemudahan sakedahipun dimanfaatken maksimal saget berguna kagem awake dhewe lan wong liya.

REFERENSI

  • Ananda. (2022). “4 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat dalam Berbagai Tema”. https://www.gramedia.com/best-seller/contoh-pidato-bahasa-jawa/
  • Jestica Anna. (2022). “Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Pendidikan”. https://adjar.grid.id/read/543524524/contoh-teks-pidato-bahasa-jawa-atau-sesorah-tema-pendidikan?page=all
  • Aryo Widyasmoro. (2022). “Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1”. https://www.scribd.com/document/543134867/BAHASA-JAWA-KELAS-5-SEMESTER-1
Materi liyane

  1. Pandhawa: Sejarah, Tokoh, lan Karakter
  2. Tembung Kosok Balen lan Contoh Tembung Kosok Balen
  3. Materi Parikan: Ciri-Ciri lan Tuladhane