Kisah Bala Kurawa, Musuhe Pandhawa

Carita Mahabharata, Pandhawa ngelawan Kurawa. Sebenere sopo iku Kurawa? Lan apa wae karakter tokoh Kurawa? Yen pengen ngerti, yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

A. Arti Kurawa

Kurawa migunakake istilah bahasa Sanskerta sing artine keturunan saka Raja Kuru. Ana ing Wiracarita Mahabharata. Kurawa nduweni sifat ala lan dadi musuhe Pandhawa. Kurawa keturunan saka Raja Derastrata sing jumlahe ana 100.

Kisah Bala Kurawa, Musuhe Pandhawa

Kurawa diartikake dadi loro yaiku:

1. Arti amba

Artian amba, Kurawa saka kabeh keturunan saka Kuru. Kuru yaiku jeneng saka Maharaja keturunan saka Bharata sing mengko nurunke tokoh-tokoh gede ana ing cerita Mahabharata. Arti iki berarti Pandhawa klebu Kurawa ana ing cerita Mahabharata khususe ing bagian awal.

2. Arti sempit

Artian sempit, Kurawa mung bagian garis keturunan Raja Kuru sing luwih tua. Istilah kui digunakake kanggo anak-anak saka Raja Dretarastra. Dretarastra yaiku anak pembarep saka Wicitrawirya sing keturunan saka Raja Kuru.

Raja Derastrata kui berhak dadi raha miturut urutan kelahiran (amarga deweke anak pembarep). Nanging mergo deweke wuta sahingga digantikake dening adike yaiku Raja Pandu (Bapake Pandhawa).

B. Kisah Lahire Para Kurawa

Ing carita Mahabharata, garwane Prabu Dretarstra sing jenenge Gendari pengen nduwe putra. Banjur kui deweke njaluk karo petapa sakti sing jenenge Byasa. Petapa kui banjur ngabulke kepengenane Gendari.

Gendari meteng nanging pas wis sui deweke meteng, putra sing diarep-arep kui ora ndang lair. Deweke iri karo Dewi Kunti sing wis ngei anak putra 3 kanggo Raja Pandu yaiku Yudistira, Bima, lan Arjuna.

Banjur kui Gendari jotos wetenge. Pas wis nglewati masa lairan sing lair dudu putra nanging segumpal daging sing kecampur karo getih kenthel lan warnane abang keireng-irengan. Byasa terus ngetok-ngetok gumpalan daging kui dadi 100 sing gedene ora pada. Ketokan kui banjur dilebokake ana ing guci. Guci kui dipendem ing lemah nganti setahun.

Bar setahun, guci diangkat lan dibuka terus saben guci ono bayi lanang. Bayi kesiji yaiku Duryudana, disusul Dursasana, lan saudarane sing lain nganti jumlahe 100. 

C. Jeneng Tokoh Kurawa

Jeneng tokoh Kurawa versi Indonesia lan India yaiku:

No

Kurawa versi Indonesia

Kurawa versi India

1.

Duryudana (Suyodana)

Duryodana 

2.

Dursasana (Duhsasana)

Dursasana

3.

Abaswa

Dursaha

4.

Adityaketu

Dursala

5.

Alobha

Jalaganda

6.

Anadhresya (Hanyadresya)

Sama

7.

Anudhara (Hanudhara)

Saha

8.

Anuradha

Winda

9.

Anuwinda (Anuwenda)

Anuwinda

10.

Aparajita

Durdarsa

11.

Aswaketu

Subahu

12.

Bahwasi (Balaki)

Duspradarsa

13.

Balawardana

Durmarsana

14.

Bhagadatta (Bogadenta)

Durmuka

15.

Bima

Duskarna

16.

Bimabala

Karna

17.

Bimadewa

Wikarna

18.

Bimarata (Bimaratha)

Sala

19.

Carucitra

Satwa

20.

Citradharma

Sulocana

21.

Citrakala

Citra

22.

Citraksa

Upacitra

23.

Citrakunda

Citraksa

24.

Citralaksya

Carucitra

25.

Citrangga 

Sarasana

26.

Citrasanda

Durmada

27.

Citrasraya

Durwigaha

28.

Citrawarman

Wiwitsu

29.

Dharpasandha

Wikatinanda

30.

Dhreksetra

Urnanaba

31.

Dirgaroma

Sunaba

32.

Dirghabahu

Nanda

33.

Dirghacitra

upananda

34.

Dredhahasta

Citrabana

35.

Dredhawarman

Citrawarma

36.

Dredhayuda

Suwarma

37.

Dretapara

Durwimoca

38.

Duhprasdharsana

Ayobahu

39.

Duhsa

Mahabahu

40.

Duhsah

Citrangga

41.

Durbalaki

Citrakundala

42.

Durbharata

Bimawiga

43.

Durdharsa

Bimabela

44.

Durmada

Walaki

45.

Durmasarna

Belawardana

46.

Durmukha

Ugrayuda

47.

Durwimocana

Susena

48.

Duskarna

Kundadara

49.

Dusparajaya

Mahodara

50.

Duspramana

Citrayuda

51.

Hayabahu

Nisanggi

52.

Jalasandha

Pasa

53.

Jarasanda

Wrendaraka

54.

Jayawikata

Dredawarma

55.

Kanakadhwaja

Dredaksatra

56.

Kanakayu

Somakirti

57.

Karna

Antudara

58.

Kawacin

Dredasanda

59.

Krat

Jarasanda

60.

Kundabhedi

Satyasanda

61.

Kundadhara

Sadasuwaka

62.

Mahabahu

Ugrasrawa

63.

Mahacitra

Ugrasena

64.

Nandaka

Senani

65.

Pandikunda

Dusparaja

66.

Prabhata

Aparajita

67.

Pramathi

Kundase

68.

Rodrakarma (Rudrakarman)

Wisalaksa

69.

Sala

Duradara

70.

Sama

Dredahasta

71.

Satwa

Suhasta

72.

Satyasanda

Watawiga

73.

Senani

Suwarca

74.

Sokarti

Adityaketu

75.

Subahu

Bahwasa

76

Sudatra

Nagadata

77.

Suddha (Korawa)

Ugrasai

78.

Sugrama

Kawaci

79.

Suhasta

Kradana

80.

Sukasananda

Kundi

81.

Sulokacitra

Bimawikra

82.

Surasakti

Danurdara

83.

Tandasraya

Wirabahu

84.

Ugra

Alolupa

85.

Ugrasena

Abaya

86.

Ugrasrayi

Dredakarma

87.

Ugrayudha

Dredaratasraya

88.

Upacitra

Anadrusya

89.

Upanandaka

Kundabedi

90.

Urnanaba

Wirawi

91.

Wedha

Citrakundala

92.

Wicitrihatana

Pramada

93.

Wikala

Amapramadi

94.

Wikatanana

Dirgaroma

95.

Winda

Suwirya

96.

Wirabahu

Dirgabahu

97.

Wirada

Sujata

98

Wisakti

Kencanadwaja

99.

Wiwitsu (Yuyutsu)

Kundasi

100.

Wyudoru (Wiyudarus)

Wirajasa

D. Karakter Kurawa

Kurawa kui musuhe Pandhawa. Mayoritas saka Kurawa nduweni sifat sing ala lan ora patut ditiru. Nanging ono uga sing nduweni sifat apik nganti melu dukung Pandhawa dibandingke Kurawa kui dewe.

Ing ngisor iki yaiku sawetara karakter tokoh Kurawa:

1. Duryudana

Duryudana yaiku putra pembarep saka Parbu Dretarastra lan Dewi Gendari. Deweke dadi pemimpin saka Kurawa sing sakti mandraguna lan kebal karo kabeh senjata. Deweke paling gampang dihasut, nduweni sifat angkara murka, ala, kejam, lan gampang iri.

2. Dursasana

Dursasana yaiku anak keloro saka Prabu Dretarastra lan Dewi Gendari. Deweke adik saka Duryudana lan nduwe sifat mirip. Deweke sakti mandraguna lan nduweni tabiat sepenake dewe, ugal-ugalan, ngomong banter lan kasar.

3. Durmagati

Durmagati ora nduwe kesaktian. Nanging deweke nduweni urip makmur lan seneng nggawa klambi sing mewah lan bagus. 

4. Citraksa

Citraksa yaiku anggota Kurawa sing gagap yen ngomong, sifat congkak lan seneng maki-maki. Deweke nduwe kembaran perawakan lan sifat yaiku Citraksi.

5. Kartamarma

Kartamarma yaiku anggota Kurawa sing ora terkenal nanging dadi pemimpin prajurit sing radu apik. 

6. Jarasandha

Jarasandha yaiku sosok sing wani lan sekti mandraguna. Deweke nduweni sifat keras ati, angkara murka, seneng aniaya wong, bengis, lan ala.

7. Ugrasena

Ugrasena yaiku prajurit Kurawa sing waninan, kuat, lan pinter mainke senjata dada. Deweke nduweni sifat lan perawakan cerdik lan pinter.

8. Dursilawati

Dursilawati dadi siji-sijine anggota Kurawa sing wedok. Miturut carita, deweke kabentuk saka tugelan daging sing paling cilik. Deweke dikenal dadi sosok “wanita penggoda”. Deweke tau nyedhaki Arjuna nanging ora kasil.

REFERENSI

  • Rahasia Belajar. (2020). “Tokoh Wayng Kurawa: Kisah, Karakter, dan Nama-Namanya”. https://rahasiabelajar.com/tokoh-wayang-kurawa/
  • Asri Portal. (2022). “Cerita Pandhawa dan Kurawa Lengkap Bahasa Jawa”. https://asriportal.com/cerita-pandawa-dan-kurawa-lengkap-bahasa-jawa/
Materi liyane