Teks Narasi Basa Jawa: Arti lan Tuladhane

Jenis teks kui akeh jenise, salah sijine yaiku teks narasi. Teks narasi yaiku teks teks sing isine rangkaian peristiwa sing disusun miturut urutan waktu kedadeyan. Carita sing disusun kui awujud kedadeyan sing bener-bener kelakon utawa mung carita fiktif penulis.

Artikel iki bakal bahas babagan teks narasi kawit artine, aturan, lan tuladha. Mulane kui, yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

Teks Narasi Basa Jawa: Arti lan Tuladhane

A. Artine Teks Narasi

Teks narasi yaiku salah sawijining karangan utawa teks sing isine nyeritakake pengalaman uripe wong. Tujuan teks narasi yaiku kanggo ngambarake kenyataan urip, nerangke panggonan, wektu, suasana, lelakon, urutan kedadeyan, lan liyane.

Ing basa Jawa, karangan narasi lumrahe nyeritakake babagan kedadeyan asal-usul panggonan utawa kota.

B. Urutan Gawe Teks Narasi

Nalika nulis teks narasi basa Jawa, perlu merhatikake urutan ana ing ngisor iki, yaiku:

  1. Nentukake lan milih tema (underan)
  2. Nentukake tujuan (ancas)
  3. Nentukake jenis karangan
  4. Ngumpulake bahan (bakalan)
  5. Nggawe kerangka karangan (rengrengan)
  6. Ngembangke kerangka dadi siji karangan
  7. Ngedit karangan nganti pas

C. Tuladhane Teks Narasi

Yen wis ngerti, urutan nggawe teks narasi, yuk simak contoh teks narasi ana ing ngisor iki.

1. Preinan ing Borobudur

Dina preian wingi aku lunga menyang Borobudur karo Ibu, Bapak lan adik adikku. Borobudur rame banget, tapi kabeh pada manut karo aturan protokol kesehatan. Aku uga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur. Aku uga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur.

2. Asal-usul Kutha Kendal

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.

REFERENSI

  • Abdul Hadi. (2022). “Simak Contoh Artikle Naratif Bahasa Jawa Singkat Lengkap dengan Artinya dan Pengertian Teks Naratif”. https://portalkudus.pikiran-rakyat.com/pendidikan/pr-795223107/simak-contoh-artikel-naratif-bahasa-jawa-singkat-lengkap-dengan-artinya-dan-pengertian-teks-naratif?page=3
  • Kumparan. (2022). “Pengertian dan Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa Tentang Pengalaman”. https://kumparan.com/berita-terkini/pengertian-dan-contoh-teks-narasi-bahasa-jawa-tentang-pengalaman-1xVxRAWeqEN/full
Materi liyane

  1. Kisah Bala Kurawa, Musuhe Pandhawa
  2. Wayang Warisan Budaya Indonesia (Teges, Sejarah, Jenis Wayang)
  3. Gamelan: Sejarah, Fungsi, lan Jenis