Gamelan: Sejarah, Fungsi, lan Jenis

Gamelan yaiku salah sawijining musik daerah saka Jawa sing wis terkenal nganti luar negeri. Gamelan yaiku jenis musik ansambel utawa paduning sawetara alat musik kayata gambang, gendang, lan gong. Paduning musik kui nduweni sistem nada non diatonik sing nyajikake suara bagus yen dimainke dening harmonis.

Artikel iki bakal bahas babagan gamelan saka tegese, sejarah, fungsi, lan jenis-jenis. Mula kui, yuk simak penjelasan ana ing ngisor iki.

Gamelan Sejarah, Fungsi, lan Jenis

A. Tegese Gamelan

Gamelan saka basa Jawa yaiku “Gamel” sing artine mukul utawa nabuh. Arti kui uga iso diarani kaya jenis palu sing digunakake kanggo mukul instrumen. Akhiran “an” ngerujuk ana ing kata benda. 

B. Sejarah Gamelan

Alat musik gamelan nduweni sejarah sing dawa. Akeh sing percaya yen gamelan is ono sadurunge pengaruh Hindu teko, miwiti masyarakat Jawa wis kenal 10 keahlian utama.  Loro keahlian kui yaiku keahlian kanggo nggawe  lan mainke wayang uga kesenian gamelan.

Istilah gamelan secara umum kui ana ing gamelan Jawa Tengah. Alat musik iki dipercaya wis ana ing tahun 404 Masehi.  Hal kui dingeti saka penggambaran masa lalu ing relief Candi Borobudur lan Candi Prambanan.

Gamelan Jawa nganggo irama lembut sing  biasane digunakake kanggo ngiringi pagelaran wayang lan pertunjukkan seni. Ing perkembanganne, gamelan Jawa ngadeg dewe dadi pertunjukkan musik sing lengkap nganggo sinden.

Ing zaman saiki, gamelan Jawa ngalami perubahan. Perubahan kui meliputi cara nggawe hingga cara mainke sing wis dikolaborasikake kanggo aliran musik modern.

C. Fungsi Gamelan

Fungsi musik Gamean yaiku:

  1. Gamelan nduweni nilai estetika kayata nilai sosial, moral, lan spiritual. 
  2. Gamelan nduweni nilai sacral yaiku budaya adat 
  3. Gamelan kanggo sarana pendidikan yaiku ngenalke budaya musik Jawa ing murid sekolah 
  4. Gamelan kanggo ngiringi tarian
  5. Gamelan kanggo mbangun suasana religius lan sarana dakwah
  6. Gamelan kanggo nyambut tamu penting.

D. Jenis-Jenis Gamelan

Gamelan kabentuk saka sawetara alat musik. Lumrahe instrumen gamelan yaiku gendang, gong, suling, gambang, rebab, siter lan liyane. Sawetara intrumen musik sing ana ing gamelan yaiku:

1. Gendang utawa kendang 

Gendang nduweni fungsi kanggo pengatur irama lan tempo sing dimainke. Cara mainke gendang yaiku ditabuh utawa dipukul ana ing permukaan gendang sing ditutupi nganggo kulitan kewan.

2. Gong 

Gong kabentuk saka logam kuningan lan digantung. Cara mainke gong yaiku dicekel nggawa lima driji banjur kui dipukul nganggo stik cekak. Fungsine gong yaiku kanggo pemangku irama, nguatke gendang kanggo nentukake bentuk gending.

3. Suling 

Suling kanggo ngisi lagu. Suling kabnetuk saka pring sing dikei bolongan kanggo nentukake nada. Miturut panggon bolonganne, suling dibedakake dadi loro yaiku suling slendro lan suling pelog.

4. Gambang 

Gambang kasusun saka bilah-bilah kayu utawa pring sing jumlahe 18 lan didokok ana ing rak resonator. Bilah kui disusun berjajar saka sing paling cilik nganti paling gede kanggo ngentukake kasil sing luwih variatif. Fungsi gambang yaiku kanggo pemangku lagu, baguske lagu nganggo cengkok, lan buka gending-gending gambang. Cara mainke gambang yaiku dipukul nganggo tabuh.

5. Rebab 

Rebab yaiku alat musik gesek sing nduweni telu utawa loro utas dawai saka logam (tembaga). Bentuke rebab yaiku bunder lan nduweni tangkai cekelan sing dawa. Fungsi rebab yaiku kanggo ngiringi nyanyian sinden lan nuntun arah lagu sinden.

REFERENSI

  • Faqihah Itsnaini. (2021). “Gamelan: Sejarah, Fungsi, dan Instrumen Warisan Budaya”. https://www.detik.com/edu/detikpedia/d-5504099/gamelan-sejarah-fungsi-dan-instrumen-warisan-budaya
  • The Asian Parent. (2022). “Mengenal Alat Musik Tradisional Gamelan Jawa: Sejarah, Fungsi, dan Jenis-Jenisnya”. https://id.theasianparent.com/gamelan-jawa
Materi liyane

  1. Kumpulan Carita Rakyat Basa Jawa
  2. Kisah Bala Kurawa, Musuhe Pandhawa
  3. Wayang Warisan Budaya Indonesia (Teges, Sejarah, Jenis Wayang)