Materi Pacelathon (Dialog Basa Jawa) lan Tuladhane

Percakapan ana ing basa Jawa diarani pacelathon. Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih seko loro. Ana ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Artikel iki bakal bahas luwih lengkap babagan pacelathon.

Materi Pacelathon (Dialog Basa Jawa) lan Tuladhane

A. Tegese Pacelathon

Pacelathon yaiku omongan utawa rembugane wong loro utawa luwih babagan sawehening sebab. Isine pacelathon yaiku podo karo dialog utawa percakapan ing Bahasa Indonesia. Wong Jawa biasane ngatur pacelathon dening tata krama sing biasane diarani unggah-ungguh basa Jawa.

Perlune unggah ungguh basa Jawa kanggo bisa nresnani lan ngajeni marang wong liya sing dijak guneman. Yen sing dijak guneman wong sing kuwih enom maka adewe iso nggawa basa ngoko. Yen sing guneman wong sing luwih tuwa maka migunakake basa krama.

B. Basa sing digunakake nalika pacelathon

  1. Bocah cilik – bocah cilik migunakake ngoko lugu
  2. Diwasa – diwasa migunakake ngoko lugu
  3. Diwasa – sepuh utawa tuwa migunakake krama alus
  4. Sepuh – sepuh migunakake krama alus utawa ngoko andhap
  5. Wong tuwa – bocah migunakake ngoko lugu  

C. Langkah-langkah Nulis Teks Pacelathon

  1. Nemtokake tema
  2. Panelusuran informasi
  3. Nemtokake cacahe wong sing melu omong-omongan ing pacelathon
  4. Nrembakakake tema sing dipilih dadi ukara
  5. Nulis teks pacelathon nggunakake tata tulis sing bener

D. Tips Meragake Pacelathon

1. Pocapan kudu jelas

a. Kudu genah lan cetha ngucapake endi swara jejeg lan endi sing swara miring

  • Genah ngucapake swara a jejeg, contone ing tembung: kara, dhadha, ana, padha, warna. Uga kudu bisa swara a miring umpamane ing tembung: panas, pangan, padhang. 
  • Genah ngucapake swara i jejeg, contone ing tembung: rugi, mudi, siji, dadi. Uga kudu bisa swara i miring umpamane ing tembung: aking, becik, bulik. 
  • Genah ngucapake swara u jejeg, contone ing tembung: bayu, pitu, sapu. Uga kudu bisa swara u miring umpamane ing tembung: luhur, bubur, libur. 
  • Genah ngucapake swara e jejeg, contone ing tembung: rene, sate, sare. Uga kudu bisa swara e miring umpamane ing tembung: kethek, elek, apem.
  • Genah ngucapake swara o jejeg, contone ing tembung: karo, sawo, pindho. Uga kudu bisa swara o miring umpamane ing tembung: kathok, pelok, wedhok.

b. Swara aksara t, th, d, lan dh kanthi bener

  • Bisa ngucapake aksara t kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk ilat, tuladhane: untu, pokat, kintir. Uga kudu bisa ngucapake aksara th diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat ucap, umpamane: bathuk menthok. 
  • Bisa ngucapake aksara d kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk untu, tuladhane: duren, dodol, madu. Uga kudu bisa ngucapake aksara dh diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat ucap, umpamane: dhada, gerdhu lan wadhuk.

2. Intonasi

Intonasi tegese iramane ukara. Intonasi yaiku rendhet cepete lan aluse pocapane tokoh nalika naturake tembung lan ukaran sajerone pacelathon. Pocapane intonasi kudu pas.

3. Polatan 

Polatan yaiku mimik wajah utawa ekspresi ing basa Indonesia. Polatan kudu jumbuh karo isine pacelathon.

4. Gestur 

Gestur mujudake tingkah polahe utawa solah bawane paraga kang jumbuh karo isine pacelathon.

E. Tuladhane Pacelathon

1. Pacelathon wong enom karo wong tua

Pak Kades: Sar, gek ndang adus kana, iki wis jam nem lo!\

Sardi: Nggih, Pak.

Pak Kades : Mengko budhale jam pitu, supaya ora kawanen!

Sardi : Wah, siyos dhateng Probolinggo, Pak?

Pak Kades: Ya menyang BJBR sing Wisata Hutan Mangrove kae!

Sardi: Kok enjing-enjing bidhalipun kenging punapa ta, Pak?

Pak Kades: Wah elinga, saiki ngono kendharaan akeh banget, dalane rame ben mlakune ora banter-banter!

Sardi: Saking Kediri mriki ngantos Pobolinggo punapa tebih ta, Pak?

Pak Kades: Ya adoh Sar, ora cukup wektu petang jam!

Sardi: Menawi makaten mangga enggal bidhal kemawon, Pak!

2. Pacelathon antarane 3 wong konco dewe

Syifa: Umbah umbah ah, seragamku kanggo sesuk kan durung tak umbah.

Hida: Yen umbah-umbah aja boros banyu lo ya!

Syifa: Kena apa?

Hida: Ya kudu ta, kan saiki banyu resik angel golekane, dadi kita ya kudu ngirit banyu

Putri: Bener iku Hida, kita kudu irit banyu saiki.

Syifa: lya wis, aku bakale ngirit banyu.

Putri: Koe weruh carane ngirit banyu?

Hida: Ya yen wis rampung umbah umbah krane banyu enggal di tutup. Siram siram karo banyu sisa wae. Uga banyu wudhu diwadhahi.

Syifa: Ooh ngono.

Putri dan Hida: lyo.

3. Pacelathon antarane Bapak lan anak

Bapak: “Lagi apa ta ndhuk?”

Indah: “Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi ingkang dereng kula mengertosi”.

Bapak: “Babagan apa ta ndhuk?”

Indah: “Tegesipun nakdherek menika napa Pak?”

Bapak: “Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah.”

Indah: “Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Nana putranipun Pak Dhe Hadi menika ugi saget dipun wastani nakdherek?”

Bapak: “Iya bener nDhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Nana iku nakdulur.”

REFERENSI

  • Brilio. (2022). “7 Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 2 Orang, Singkat dan Mudah”. https://www.brilio.net/ragam/7-contoh-pacelathon-bahasa-jawa-2-orang-singkat-dan-mudah-2210188.html
  • Lentera Mata. (2022). “Contoh Pacelathon Bahasa Jawa dan tegese Pacelathon”. https://lenteramata.com/pacelathon-tegese/
  • Intanpari. (200). “yang Dimaksud Pacelathon dalam Bahasa Jawa”. https://www.intanpari.com/2020/12/yang-dimaksut-pacelathon.html
Materi liyane

  1. Teks Eskposisi Basa Jawa: Tegese, Tujuan, Ciri-Ciri, Struktur, lan Tuladhane
  2. Arane Kembang ing Basa Jawa
  3. Urutane Silsilah Kulawarga ing Basa Jawa