Basa Jawa: Panyandra Perangane Awak

Tembung panyandra perangane awak yaiku istilah sing digunakake kanggo nggambarake fisik manungsa. Kanggo nggambarake kui, tembung iki migunakake bentuk benda utawa lainne. Tembung kui uga kanggo menehi pujian sing apik-apik.

Nanging sedurunge ngenali panyandra perangane awak, yuk ngenali ndisik basa krama inggil perangane awak ana ing ngisor iki.

Basa Jawa Panyandra Perangane Awak

  1. Tangan = asta
  2. Sikil = ampeyan
  3. Mata = soca, paningal.
  4. Idep = ibing.
  5. Irung = grana.
  6. Kuping = talingan.
  7. Lambe = lathi.
  8. Alis = imba.
  9. Rambut = rikma.
  10. Pipi = pangarasan.
  11. Janggut = kethekan.
  12. Endhas = mustaka.
  13. Driji = racikan.
  14. Gulu = jangga.
  15. Dada = jaja.
  16. Weteng = padharan.
  17. Pupu = wentis.
  18. Bokong = bocong.
  19. Ilat = lidhah.
  20. Untu = waja
  21. Bathuk = palarapan.
  22. Geger = pengkeran.
  23. Pundhak = pamidhangan.
  24. Wudel = tuntunan.
  25. Dlamakan = samparan.
  26. Kempol = wengkelan.
  27. Luh = waspa.
  28. Dhengkul = jengku.
  29. Githok = julukan.
  30. Brengos = gumbala, rawis.

Banjur ngenali pperangane awak, mari ngenali tembung panyandra perangane awak, yaiku:

  1. Astane nggendhewa gandhing
  2. Alise nanggal sepisan
  3. Bangkekane nawon kemit
  4. Bathuke nyela cendhani
  5. Cahyane sumunar
  6. Drijine mucuk eri
  7. Godhege simbar rumembun
  8. Gundule ngolan-olan
  9. Idepe tumenga tawang
  10. Irunge kencana pinantar
  11. Kempole nyunthang walang
  12. Lakune kaya macan luwe
  13. Lengene nggendhewa pinenthang
  14. Lambene nyigar jambe
  15. Pawakane sedhet singset
  16. Pipine nduren sajuring
  17. Polatane ruruh jatmiko
  18. Pundhake nraju mas
  19. Rambute ngembang bakung
  20. Untune miji timun
  21. Ulate ndamar kanginan
  22. Swarane ngombak banyu
  23. Sinome micis wutah
  24. Lambene nggula sethemlik
  25. Mripate blalak-blalak

REFERENSI

  • Jestica Anna. (2022). “25 Contoh Tembung Panyandra Perangane Awak Bahasa Jawa”. https://adjar.grid.id/read/543320090/25-contoh-tembung-panyandra-perangane-awak-bahasa-jawa?page=all
  • Paper Plane. (2022). “Tiga Puluh Kromo Inggil Perangane Awak  - Anggota Badan Manusia”. https://jurnal.paperplane-tm.site/2020/03/tiga-puluh-kromo-inggil-perangane-awak.html
Materi liyane:

  1. Basa Jawa Kelas 6 SD: Materi Tema Bhinneka Tunggal Ika
  2. Pelajaran Teks Informasi ing Basa Jawa, Materi Kelas 6 SD
  3. Tembung Rura Basa ana ing Masyakarat Jawa