Tembung Rura Basa ana ing Masyakarat Jawa

Kanca sedaya, kaliyan mesti tau krungu ukara “nguleg sambel” utawa “adang sego”?. Ukara kui klebu tembung rura basa. Opo kui rura basa? Artikel iki bakal bahas babagan rura basa, dikawiti saka tegese, sejarah, lan tuladhane rura basa.

Tembung Rura Basa ana ing Masyakarat Jawa

A. Tegese Rura Basa

Rura basa yaiku salah siji bentuk basa sing ana ing masyarakat Jawa. Rura basa iso diarani basa biasa sing digunakake ing kauripan sehari-hari, nanging nduweni makna sing beda. Rura basa nduweni loro kata yaiku rura lan basa. Tegese yaiku:

  1. Rura iso diarani rurah sing tegese rusak
  2. Basa artine basa.

Rura basa kui tetembungan sing ajeh nganggone sanajan salah kaprah lan tetap digunakake dening masyarakat wis ngerti yen kui tembung salah. Rura basa wis digunakake kawit mbiyen lan wis dianggep hal lazim. Amarga wis dadi tradisi, rura basa dadi salah sawjining tembung sing mlebu ing kerangka basa Jawa.

B. Sejarah Rura Basa

Kata rurah tau digunakake dening Raden Ngabehi Ranggawarsita ana ing Serat Kalatidha. Isi serat Kalatidha yaiku:

Mangkya darajating praja

Kawuryan wus sunyaturi

Rurah pangrehing ukara

Karana tanpa palupi

Atilar silastuti

Sujana sarjana kelu

Kalulun kala tida

Tidhem tandhaning dumadi

Ardayengrat dene karoban rubeda

Artine:

Keadaan negara pada waktu sekarang sudah semakin merosot. Situasi (keadaan tata negara) telah rusak, karena sudah tidak ada yang dapat diikuti lagi. Sudah banyak yang meninggalkan petuah-petuah satau aturan-aturan lama. Orang cerdik cendekiawan terbawa arus Kala Tidha (zaman yang penuh keragu-raguan). Suasananya mencekam karena dunia penuh dengan kerepotan.

Mula saka iku, rura basa idarani basa sing rusak nanging wis ora iso dibenakake maneh. Sabenere kata rusak iki mung dalam bentuk anggapan, amarga wis terlanjur lumrah utawa wis biasa digunakake dening masyarakat akeh. Sahingga misal basa iki dibenerke malah dadi aneh, gak lumrah, lan ora iso diterima dening masyarakat.

C. Tuladhane Rura Basa

Ing ngisor iki, tuladhane rura basa sing sering digunakake masyarakat Jawa, yaiku:

  1. Nguleg sambel kudune nguleg lombok ben dadi sambel
  2. Adang sega kudune adang beras kanggo dadi sega
  3. Ndheplok gethuk kudune ndhlepok tela sing ameh didadikke gethuk
  4. Mikul dhawet kudune mikul genthong sing digunakake kanggo wadah dhawet
  5. Menek klapa kudune menek wit klapa kanggo dijipuk klapane
  6. Ngenam klasa kudune ngenam pandhan banjur kui didadekake klasa
  7. Mbuntel tempe kudune mbuntel dhele ben dadi tempe
  8. Nontong wayang kudune ndelok pagelaran wayang

D. Tuladha Rura Basa ing Tembang Macapat

Rura basa ana ing tembang macapat yaiku:

Timbang nganggur nggodhog-nggodhoga wedang tah ndhuk

Goleka nyamikan

Sokur bangsa jlethik-klethik

Kena kanggo bah-obah janggut prayoga

Kata nggodhog wedang nduweni arti sing ora pas. Kudune sing digodhog kui banyu sing ijeh mentah. Dene  wedang nduweni arti bentuk umbenan sing wis siap disajikake. Tuladhane yaiku wedang kpi, wedang teh, wedang jahe, lan liyane. Uga kata sing benar kudune yaiku nggodhog banyu kanggo nggawe wedang.

REFERENSI

  • Bangkit Irmanudin. 2020. “Rura Basa: Pengertian, Contoh, dan Penggunaannya”. https://www.sasanawidyaguru.com/2020/11/rura-basa-pengertian-contoh-dan.html
  • Aghnia Pramastati. 2022. “Rurabasa, Istilah Bahasa yang Unik dalam Masyarakat Jawa”. https://surakarta.go.id/?p=24822
Materi liyane: