Pelajaran Teks Informasi ing Basa Jawa, Materi Kelas 6 SD

Rencang-rencang mesti kerep krungu lan maca informasi. Informasi ana ing ngendi-ngendi kayata informasi daftar mlebu sekolah, informasi lowongan kerja, informasi wong ilang, lan lainne. Informasi kui bisa saka TV, radhio, ariwarti (koran), kalawarti (majalah), utawa langsung saka sumbere. Informasi kui bersifat ngandani wong liyo ben ngerti opo isi informasi kui.

Ing artikel ini bakal dibahas babagan tegese teks informasi, tujuan, manfaat, lan contoh teks informasi. Ayo simak penjelasan teks informasi ing ngisor iki.

Pelajaran Teks Informasi ing Basa Jawa, Materi Kelas 6 SD

A. Tegese Teks Informasi

Teks informasi yaiku teks kang bisa wujud lisan, tulisan, lan gambar. Teks Informasi yaiku pemberitahuan utawa pawarta kang dihasilake kanggo nambah wawasan pengetahuan babagan peristiwa kang kedadeyan.

B. Cara Golek Informasi

Kanggo golek informasi, dibutuhake cara kang bener supaya informasi kui bermanfaat. Cara golek informasi yaiku:

1. Maca judul

Maca judul ngarahake ben nemuni gambarang babagan pembahasan sing dihasilake.

2. Maca isi bagian informasi kanthi bener

Supaya nemu informasi sing dibutuhake mula perlu maca kanthi teliti.

3. Nggunakake metode

Maca skimming (memindai) sahingga nemu informasi kang dibutuhake kanthi cepet.

4. Golek tembung kunci

Tembung kunci isine informasi sing arep disampaikake lan dilakoni kanthi bola-bali. Banjur kui golek ide pokok kang ana ing saben paragraf. Sumber informasi dihasilake saka akeh panggonan lan dikelompokkan miturut kategori, yaiku:

  • Sumber informasi primer yaiku sumber sing disusun lan ditulis miturut penelitian lan penulise. Contohe yaiku artikel, makalah, buku, lan hasil penelitian.
  • Sumber informasi sekunder yaiku informasi sing disusun miturut informasi primer sahingga gampang digoleki maneh. Contohe yaiku ensiklopedia, kamus, bibliografi, lan katalog perpustakaan.
  • Sumber informasi tersier yaiku sumber sing disusun miturut informasi sekunder supaya gampangke golek sumber. Contohe yaiku bibliografi sing isine daftar buku

C. Jenis Teks Informasi

Teks informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi. Teks narasi faktual tuladhane teks pawarta, pengalaman pribadi, lan profil tokoh.  

1. Teks Pawarta

Isi teks pawarta yaiku:

  • Ngandharake fakta
  • Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
  • Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat 

Cara nggawe teks informasi pawarta yaiku sing aiandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani apa, sapa, kapan, nyapa, nang endi, lan kepriye.

2. Teks Persuasi

Teks persuasi yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatane, mengaribani, lan ngeyakinake sing maca. Wujud gancaran isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, lan nawakake.

Cara nggawe teks informasi persuasi yaiku nentukake data/fakta/fenomena sing arep kokgunakakemi nganggo dasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak. 

Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/fenomena sebab akibat sing bisa digunakake utawa ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa lan negara, uga tumrap donya saisine. Nulis teks persuasi kudu nggawa bahasa sing gamoang dingerteni dening pamaca. 

3. Sesanti/Slogan

Slogan isine ngajak lan ngelingake. Tuladhane slogan yaiku visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggale.

4. Pariwara/Iklan

Iklan kanggo mamerake lan ngajak kang ukarane diselingi, dituku, lan digunakake. Iklan, tuladhane kaya iklan sabun, iklan handphone, iklan panganan, lan sapanunggale. 

D. Contoh Teks Informasi

1. Teks pawarta

Ing kabupaten Pati ana kirab bendera kang dawane 100 meter lan ombone 3 meter sing diarak saka Stadiun Jayakusuma saka jam siji awan nganti setengah papat sore ing Alun-Alun Pati.

Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila tanggal 1 Oktober 2018. Tujuanipun kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak iki sing arep luntur kegerus zaman.

Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirana TNI/Polri Indonesia (FKPPI) Pati, Endang Sri Wahyuningsih ngaturake yen dheweke matursuwun marang pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke pangarep-ngarep acara iki bakal terus diadakake setahun pisan.

2. Teks persuasi

Ayo Peduli Lingkungan

Limbah kantog plastik dadi salah sawijining sebab sing marai polusi, mula iku, awakedhewe kudu nyambut gawe bareng lan miwiti nganggo tas ramah lingkungan. Tujuanipun kanggo mbantu nyelametake saperangan lingkungan.

Yagene kok awakedhewe kudu ngganti kantong plastik dadi kantong ramah lingkungan? Ora mung nganggu pemandangan, sampah kantong plastik uga ora apik kanggo lingkungan mergo reged, awur-awuran, lan wong-wong padha ora aman.

Maka sakabehing wong sing nganggo kantong plastik lan mbuwang kanthi sramoangan iso marai polusi. Sampah kantong palstik sing dibuwang menyang segara iso mbahayani kewan-kewan kang urip ing segara kayata iwak lan kura-kura.

Kantong sampah plastik uga mbutuhake wektu kang suwi ben iso terurai lemah. Mulane kui awit saiki ayo padha ngganti kantong plastik dadi kantong ramah lingkungan sing ora mbahayani lingkungan.

3. Sesanti/slogan

  • Sapa wani rekasa, bakal nggayuh mulya (siapapun yang bersungguh-sungguh dalam berusahaka pasti akan meraih kejayaan)
  • Yen urip isine mung nuruti napsu, sing jenenge mulya mesti soyo angel ketemu (jika dalam hidup masih dipenuhi dengan nafsu untuk bersenang-senang, kemuliaan hidup akan semakin sulit ditemukan)
  • Kadang mripat iso salah ndelok, kuping iso salah krungu, lambe iso salah omong, tapi ati ora bakal iso diapusi (terkadang mata bisa salah melihat, telinga bisa salah mendengar, mulut bisa salah berbicara, tapi hati tidak bisa dibohongi dan membohongi)
  • Sak apik-apike wong yen awehi pitulung kanthi cara dedemitan (sebaik-baiknya orang adalah yang memberi pertolongan secara sembunyi-sembunyi)
  • Aja dadi wong sing rumangsa bisa lan rumangsa pinter. Naning dadiya wong sing bisa lan pinter rumangsa (jangan jadi orang yang merasa bisa dan merasa pintar. Akan tetapi jadilan orang yang bisa dan pintar merasa)

4. Pariwara/iklan

a. Pariwara layanan masyarakat

  • Ngumbah tangan nganggo sabun kanggo cegah Covid-19
  • Ojo kelalen nganggo masker
  • Jaga kampungmu saka Covid-19 

b. Pariwara produk

  • Sirahmu ngelu? Ndang umbeni obat Paramok
  • Hawane sumuk? Butuh seger-seger tumbas kipas angin mbakpion dijamin nampol
  • Minyak goreng Bicati, biar cayang dihati Ibu-Ibu
  • Badan pegel linu? Ngumbe Dakon Mr
  • Panci Herder anti lengket

c. Pariwara panganan

  • Atos-atos bilih panjenengan nyicipi bakso malang pak Kumis. Bisa-bisa dompet njenengan menipis keranten kecanduan nedha saben dinten.
  • Ati-ati, mambet kaldu ayam kita meniko siap menggoyang ilat sampeyan.
  • Pengetan , keripik urang meniko damel sampeyan kesisahan mendel mamah.
  • Cocok dipunsajikaken wanci acara kempal keluwargi.
  • Mundhut ayam goreng lan angsal sekul goreng gratis! hemat dumugi Rp 25.000

d. Pariwara kesehatan

  • Urip sehat tanpo udud
  • Eling 3M kanggo bentengi diri saka demam berdarah
  • sehat kui anugerah mula kudu dijaga
  • Ayo olahrga supaya badan sehat
  • Ngawekani kui luwih apik dibanding ngobati

e. Pariwara lingkungan

  • Nandur wit-witan = investasi masa depan
  • Aku ngresiki awakku, aku ngresikki bumiku
  • Ojo gelem alammu dirusak
  • Urip sehat diawali saka lingkungan sing resik
  • Banyu kui sumber uripe manungsa, mula hemat lan bijak nggunakake banyu kanggo masa depan

f. Pariwara pendidikan

  • Buku kui jendelane donyo
  • Tanpo ilmu, urip ora ono artine
  • Soyo pinter awakedhewe, samsaya ugo bermanfaat kanggo liyane
  • Ojo mandheg sinau, gantungnbo cita-cita sakduwure bintang ana ing langit
  • Golekono ilmu nganti mubeng donyo 

REFERENSI

  • Heni Widiastuti. 2022. “Mencari Informasi Penting dari Teks serta Sumbernya, Kelas 6 SD”. https://kids.grid.id/read/473228896/mencari-informasi-penting-dari-teks-serta-sumbernya-kelas-6-sd
  • Menik Patmaningsih. 2021. “Materi Bahasa Jawa Kelas 6 (ke-87 menju 90 hari menulis). https://www.gurusiana.id/read/menikpatmaningsih072332/article/materi-bahasa-jawa-kelas-6-ke-87-menuju-90-hari-menulis-5343567
  • Abdul Hadi. 2022. “Teks Contoh Artikel Persuasi Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Singkat Untuk Memenuhi Tugas Basa Jawa”. https://portalkudus.pikiran-rakyat.com/pendidikan/pr-795166778/teks-contoh-artikel-persuasi-bahasa-jawa-tentang-lingkungan-singkat-untuk-memenuhi-tugas-basa-jawa?page=4
  • Mamikos. 2022. “Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa Beserta 5W + 1H”. https://mamikos.com/info/contoh-teks-pawarta-singkat-bahasa-jawa-pljr/
  • Fauzan Tri. 2021. “35 Moto Hidup Keren dalam Bahasa Jawa Beserta Artinya, Inspiratif, dan Penuh Makna”. https://www.bola.com/ragam/read/4562145/35-motto-hidup-keren-dalam-bahasa-jawa-beserta-artinya-inspiratif-dan-penuh-makna
Materi liyane: