RAGAM TEMBANG MACAPAT ASMARANDANA

TEMBANG MACAPAT ASMARANDANA


Ragam 1
Wus begjane wongkang sugih
Samu barang kasembadan
Wragad kapetung sepele
Kabutuhan wus sumadya
Kepara kari aba
Donya iki pancen makmur
Mung emane durung wrata

Ragam 2
Lumrah tumrap wong ngaurip
Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepthuk
Kang mangkono bundhelana

Ragam 3
Jamane nyata wus keksi
Sapa gelem nambut karya
Bakal nampa pituwase
Nging padha eling-elinga
Sosial mring sesama
Nggenya sami golek butuh
Tan mung nggo dhiri priyangga

Ragam 4
Kang kulina den adhepi
Rekasane ngupa boga
Repot rumpil abot angel
Mula jeneng kasarasan
Kang butuh wragad larang
Nora kober dipun rembug
Kepara den sepelekna

Ragam 5
Ngungak jaman duk ing uni
Negara kita jinajah saiki kari penake
Bisane kelakon rata
Makmur desa ngadesa
Saranane tetep kudu
Sengkut gumregut makarya

Baca juga: Mengenal Watak Tembang Macapat

Ragam 6
Dhusun pancen katon asri
Samubarang wus rinasa
Nuhoni paugerane
Tumata tentrem raharja
Nanging sanyatanira
Apa ora amung palsu
Sokur yen pancen wus mulya

Ragam 7
Negara mardika iki
Tinarbuka kalodhangan
Tumrap kabeh sapa wae
Kang kepengin kecukupan
Bebas nggennya makarya
Waton aywa kongsi ngganggu
Katentremaning bebrayan

Ragam 8
Jomblah wanuh ingkang wadi
Mangkana upami nira
Pamestri kuwajibane
Den wanuh budining priya
Dimen tuk sih tan kendhat
Mbok manawa wuwuh wuwuh
Wikaning tyas marang sira

Ragam 9
Pembangunan jaman iki
Ing alam kang wus mardika
Ketara kamakmurane
Yen sinawang sakeplasan
Wrata sanuswantara
Nging yen mlebet njajah dhusun
Pranyata bangkit den makna

Ragam 10
Nginguk pawartos ing jawi
Reregan barang trus mundhak
Aja mung gedhe sambate
Iku wus ingaran lumrah
Sayekti kabeh imbang
Tan ana reregan mudhun
Jangkeping sen isen donya