Basa Jawa Kelas 6 SD: Materi Tema Bhinneka Tunggal Ika

Semboyan Indonesia yaiku Bhinneka Tunggal Ika. Bhinneka Tunggal Ika ditulis ana ing lambang negara Indonesia yaiku Pancasila. Bhinneka Tunggal Ika nduweni arti “Senajan beda ananging tetep siji”. 

Awakedewe sebagai generasi muda kudu jaga kelestariane Indonesia, supaya tansah ngugem rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah. Yen awakedewe rukun karo sapada mesti bangsa Indonesia bakal tentem ga ana tukaran. Kosok baline, yen awakedewe congkrahan lan tukaran mesti negara iki bubrah.

Basa Jawa Kelas 6 SD Materi Tema Bhinneka Tunggal Ika

Artikel iki bakal bahas babagan Bhinneka Tunggal Ika. Ayo simak penjelasan ana ing ngisor iki. 

A. Makna Bhinneka Tunggal Ika

Persatuan lan kesatuan asale teka kata “siji” sing nduweni arti utuh utawa ga kepecah-pecah. Kata persatuan uga diartikke sebagai ngumpulakke samubarang dadi siji. Kesatuan yaitu hasil ngumpulakke kang wis dadi siji lan utuh.

Persatuan lan kesatuan nduweni makna “dadi sijine suku bangsa dadi siji kesatuan kang utuh dan selaras”. Persatuan di dorong kanggo tercapai kehidupan kang bebas ing wadah negara merdeka lan berdaulat. Mulane kui persatuan lan kesatuan bangsa nduweni makna kang penting bagi kehidupan berbangsa lan bernegara.

Indonesia nduweni keragaman budaya, agama, suku bangsa, bahasa, adat istiadat, lan liyane. Ananging, kabeh kui saling terkiat amarga nduweni kesamaan-kesamaan sing pada memengaruhi kehidupan masyarakat.

B. Sejarah Bhinneka Tunggal Ika

Bhinneka Tunggal Ika dibahas ana ing Kitab Sutasoma karangan Mpu Tantular. Bhinneka Tunggal Ika saka bahasa Jawa Kuno kang digunakake Mpu Tantular pas Kerajaan Majapahit. Bhinneka Tunggal Ika ora lekang oleh zaman, ananging ngikuti zaman modern kanggo pedoman masyarakat Indonesia.

Istilah Bhinneka Tunggal Ika tercantum ing bait 5 pupuh 139. Isi bait kui yaiku:

Rwāneka dhātu winuwus Buddha Wiswa,

Bhinnêki rakwa ring apan kena parwanosen,

Mangka ng Jinatwa kalawan Śiwatatwa tunggal,

Bhinnêka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.

Artine:

Konon Buddha lan Siwa yaiku dua unsur kang beda.

Dewene pancen beda, nanging piye ben iso dikenali?

Amarga kebenaran Jina (Buddha) lan Siwa yaiku tunggal.

Bhinneka Tunggal Ika tercantum ing Lambang negara kang digawe Sultan Abdul Hamid (di Pontianak). Semboyan iki diresmikake dadi semboyan lambang negara pas Kabinet Republik Indonesia Serikat (RIS) tanggal 11 Februari 1950. 

Lewat semboyan iki, Indonesia ganti dadi Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI). Bhinneka Tunggal Ika pisanan diteliti oleh Prof. H. Kaen (1888). Semboyan iki awale ana ing lontar kang kesimpen ing Perpustakaan Kota Leiden (Purusadasanta utawa Sutasoma).

Semboyan iki uga diteliti Muhammad Yamin ing tahun-tahun sawise. Banjur kui ditulis ana ing buka 6000 tahun Sang Merah Putih tahun 1954. Sejarah semboyan Bhinneka Tunggal Ika menika dawa saka proses evolusi lan kristalisasi sakdurunge kemerdekaan, pergerakan nasional 1928 nganti panyiapan negara Republik Indonesia tahun 1945.

Sakwise dadi semboyan Indonesia, Bhinneka Tunggal Ika dadi pernyataan bangsa Indonesia sing ngaku realitas bangsa majemuk nanging tetep junjung dhuwur persatuan. 

C. Prinsip Bhinneka Tunggal Ika (ing Basa Jawa)

1. Golek pada ing beda

Indonesia ndue 5 agama, nanging sesuai prinsip nomor siji Bhinneka Tunggal Ika babagan pembeda ana ing urusan agama kui kudu digoleki pada ing beda. Tujuanne kawujud rakyat Indonesia kang urip rukun lan tentrem.

Golek pada ing beda ogak mung babagan agama, nanging ana ing adat, kebudayaan lan sepadane. Kabeh pambeda kui kudu bersatu ana ing Negara Kesatuan Republik Indonesia.

2. Ora sektarian lan enklusif

Ora sektarian lan enklusif yaiku ana ing kehidupan berbangsa lan bernegara kabeh rakyat Indonesia ora dibenerke yen nimbang dirine utawa kelompoke kui sing paling bener dibandingke individu utawa kelompok lain.

Sektarian lan enklusif kuud diilangke amarga sifat kui bakal nimbulke konflik kang disebabke drengki, curiga, lan sikap kakehan sing kurang merhatikke wujude individu utawa kelompok lain.

3. Ora formalistis

Bhinneka Tunggal Ika sifate kui universal lan pepek. Hal kui dilandasi rasa seneng, kinurmatan, percaya, lan rukun marang sakabehe. Lewat cara kui, keanekaragaman iso dadi siji ana ing Indonesia.

4. Nduweni sifat konvergen

Sifat konvergen tegese kabeh keragaman ora kudu digedhekake, nanging kudu golek titik umum sing bisa nggawe kabeh kapentingan ketemu ing tengah. Iki bisa digayuh yen ana sikap toleransi, gotong royong, rukun, ora sektarian, lan inklusif ing antarane masyarakat.

5. Prinsip pluralistik lan multikultural

Bhinneka Tunggal Ika nduweni nilai toleransi, inklusif, damai, kebersamaan, lan setara. Kabeh nilai kui ora menghendaki sifat tertutup utawa eksklusif satemah saged nampung keragaman budaya bangsa lan ngadhepi arus globalisasi.

6. Semangat gotong royong

Gotong royong ora mung babagan kebersihan lingkungan. Nanging uga iso kanggo ngelawan berita palsu (hoax) kang kasebar ana ing ngendi-ngendi. Berita palsu sing beredar ing masyarakat nimbulake resah, iso ngerusak generasi lan kebhinekaan negara Indonesia.

D. Bhinneka Tunggal Ika lan Nasionalisme (Basa Jawa)

Makna Bhinneka Tunggal Ika dadi prinsip warga negara Indonesia kanggo bangun nasionalisme. Unsur-unsur kang bentuk nasionalisme yaiku:

1. Kesatuan sejarah

Bangsa Indonesia lahir saka proses kang dawa yaiku nalika zaman prasejarah, zaman Sriwijaya, Majapahit, muncule penjajah, nganti lahire Sumpah Pemuda 1928 lan proklamasi kemerdekaan Indonesia pada 17 Agustus 1945.

2. Kesatuan nasib

Bangsa Indonesia lahir amarga kesamaan nasib yaiku penderitaan nalika penjajah ana ing Indonesia nganti telu setengah abad. Banjur kui Indonesia merdeka lan dadi akhir saka penjajahan bangsa liya.

3. Kesatuan wilayah

Bangsa Indonesia urip ing wilayah Indonesia kang kasebar saka Sabang nganti Merauke. Kesatuan asas kerohanian bangsa dadi cita-cita, filsafat, lan pandangan urip sing berakar saka pandangan hidup Pancasila.

4. Kesatuan kebudayaan

Indonesia nduweni keanekaragaman kebudayaan saka rumah adat, pakaian adat, acara adat, bahasa, lan keanekaraman liyane nanging tetep siji kebudayaan yaiku kebudayaan Negara Kesatuan Republik Indonesia.

E. Pengamalan Bhinneka Tunggal Ika ana ing Kehidupan (Basa Jawa)

1. Rasa toleransi

Toleransi sebagai pandangan kanggo rasa kinurmatan marang liyan, kerukunan, lan menyuburkan toleransi marang individu.

2. Rasa kasih sayang lan wani berkorban

Bhinneka Tunggal Ika dilandasi rasa kasih sayang kanggo kehidupan bangsa lan negara. Tanpa kui mustahil kesatuan bernegara iso kawujud.

3. Musyawarah kanggo mufakat

Musyawarah dadikke kesatuan lan mencapai mufakat. Lewat musywarah kabeh masalah iso dihadapi lan diatasi kanggo cara kang becik tanpa tukaran.

4. Ora nggoleki untunge dewe

Bhinneka Tunggal Ika kui kanggo menghormati lan ngehargai pihak lainne sahingga iso dadi masyarakat kang bakti pada bangsa lan negara.

5. Perilaku influsif

Semboyan Bhinneka Tunggal Ika nduweni arti individu utawa kelompok masyarakat kui siji kesatuan ana ing masyarakat luas.

6. Sifat pluralistik

Keragaman agama, budaya, lan suku dadikke bangsa Indonesia kui bersifat plural. Walaupun beda, nanging kudu tetep jalin kerukunan, toleransi, lan saling kinurmatan.

PUSTAKA

  • Heni Widiastuti. 2022. “Apa Makna dari Semboyan Bhinneka Tunggal Ika? Kelas 6 SD Tema 9”. https://kids.grid.id/read/473085457/apa-makna-dari-semboyan-bhinneka-tunggal-ika-kelas-6-sd-tema-9
  • Ahmad. 2022. “Bhinneka Tunggal Ika: Arti, Makna, Prinsip, dan Contoh Pengalamannya”. https://www.gramedia.com/literasi/bhinneka-tunggal-ika/
  • Geniora. 2021. “Mengenal Keberagaman dalam Bingkai Bhinneka Tunggal Ika”. https://www.google.com/url?sa=t&rct=j&q=&esrc=s&source=web&cd=&cad=rja&uact=8&ved=2ahUKEwilzIrTlr76AhUix3MBHZFKDS8QwqsBegQIAxAB&url=https%3A%2F%2Fwww.youtube.com%2Fwatch%3Fv%3D4vi7WVTU6Og&usg=AOvVaw3rygpcJqA2xdU3yrLe83zD
  • Dwi Latifatul. 2021. “Makna, Fungsi, dan Contoh Bhinneka Tunggal Ika”. https://katadata.co.id/safrezi/berita/61654a061ae92/makna-fungsi-dan-contoh-bhinneka-tunggal-ika
Materi liyane: