Tembung Sesanti

Sesanti utawa iso disebut lambang yaiku tetembungan sing ngemu surasa pitutur tumraping urip bebrayan. Conto tembung sesanti, tetembungane yaiku :

  1. adigang, adigung, adiguna
  2. alon-alon waton kelakon
  3. ana awan, ana pangan
  4. ana rina, ana sega
  5. ana rupa, ana rega
  6. becik ketitik, ala ketara
  7. bobot, bibit, bebet
  8. desa mawa cara, negara mawa tata
  9. den asih, sutrisna
  10. ditalenana medhot, dipalangana mlumpat
  11. diwenehi ati ngrogoh rempela
  12. drengki srei, jail methakil
  13. dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
  14. eman-eman ora keduman
  15. gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja
  16. inggah-inggih ora kepanggih
  17. ing ngarso sung tuladha, ing madya mangun karya, tut wuri handayani
  18. jer basuki, mawa beya
  19. kegedhen empyak kurang cagak
  20. luwih becik kalah wang, katimbang kalah wong