RAGAM TEMBANG MACAPAT MIJIL

TEMBANG MACAPAT MIJIL


Ragam 1
Poma kaki dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta waris
Samubarangipun

Ragam 2
Duksamana durung ana listrik
Nganggo lampu teplok
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk


Ragam 3
Andhe dhuh biyung wayah apa iki
Rembulan wus ngayom
Ing gegana ting abyor lintange
Titi sonya puspita kasilir
Marutaris kengis
Sumrik gandanyarum

Ragam 4
Nggaru mluku nganggo kebo sapi
Durung ana traktor
Jam sepuluh teka kirimane
Bapa tani enggala nglereni
Nggone nambut kardi
Nuli mentas wisuh

Ragam 5
Dipun nedya prawira ing batin
Nanging aja katon
Sasabana yen durung mangsane
Kakendelan aja wani mingkis
Winika ing batin
Den samar ing semu

Baca juga: Ragam Tembang Macapat Pocung

Ragam 6
Lan dimanteb mring panggawe becik
lawan wekasingong
aja kurang iya panrimane
yen wis tinitah marang Hyang Widhi
ing badan puniki
wis papancenipun

Ragam 7
Deda lanne guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkulla yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun

Ragam 8
Padha dipun eling mring pitutur ing ngong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmila ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipu

Ragam9
Lanang wadon ora ana kari
Bisane kalakon
Kacukupan kang dadi butuhe
Kanggo srana anggone leladi
Labuh ing nagari
Bekti ing Hyang agung

Ragam 10
Jawa tengah dadi lumbung pari
Asil gotong royong
Panca usaha katindakake
Para warga sarta para tani
Sregep nyambut kardi

Mamrih adil makmur