RAGAM TEMBANG MACAPAT DURMA

TEMBANG MACAPAT DURMA


Ragam 1
Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi

Ragam 2
Palarasan undurrira saking tanam
Kuneng wuwusen malih
Sang ramawijaya
Lawan ari laksmana
Kidang mas kang sampun keni
Pejah binekta
Marang nggene kang rayi

Ragam 3
Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati ati
Sakeh dirmaga
Singgah ana den aglis

Ragam 4
Paman- paman apa wartane ing ndalan
Ing ndalan keh pepati
Mati kena apa
Mati pinendang ligan
Ing jaja terusing gigir
Akari raga
Badan kari gumlinting

Ragam 5
Matur nembah duk wau kawula tengga
Sedheng kidang munya njrit
Tinarka paduka
Nimbali ing kawula
Dadya kawula tinuding
Nusul paduka
Nanging kawula ajrih

Baca juga: Ragam Tembang Macapat Asmarandana

Ragam 6
 Apa silih pinangan ing mong ta sira
Nulya prapta ning ari
Laksmanawidagda
Pucat kena ing wisa
Martyas sang Rama nulya ngling
Ari laksmana
Mantili anengngendi

Ragam 7
Krodha ngunus candrasa Rahwana mangsah
Galak mangkrak angerik
Candra samakilat
Hingayat tan umesat
Janthayu miber ngungkuli
Gumreng ngawiyat
Dasamuka nuntuti

Ragam 8
Mituturi sang putri mantili dirja
Yen ramabadra mangkin
Myarsa jrih dosanya
Denira numpes ditya
Ing balane Sri bupati
Mila tan nedya
Ngupaya garwaneki

Ragam 9
Tiningalan tan ana wau kang garwa
Lawan ta ing kang rayi
Laksmana punika
Dereng panggih lan raka
Wau duk panusulneki
Tibeng wewisa
Pucat netya maputih

Ragam 10
Kadya pinuh sariranya dening kang rah
Wau ta sang apekik
Regawa kumesar
Muring ring tyas mangarang
Marang ngendi sira yayi
Jarang hingungak
Manawatibeng trebis