Basa Jawa: Nulis Undangan (Ulem)

Rencang-rencang mesti tau pikantuk layang ulem. Layang ulem yaiku salah sawijining media komunikasi ora langsung sing digunakake kanggo nyampekake informasi saka siji pihak ing pihak lain. 

Artikel iki bakal bahas babagan layang saka tegese, jenis layang, struktur layang, lan tuladhane.

Basa Jawa: Nulis Undangan (Ulem)

A. Tegese Layang

Layang yaiku alat sing kawujud tulisan ditujukake kanggo nyerahke pesan utawa informasi kanggo wong liyo. Layang kui salah sawjining bentuk komunikasi ora langsung yaiku komunikasi sing dilakoni nganggo perantara media utawa alat yaiku kertas.

Layang nduweni loro sifat yaiku resmi lan ora resmi. Layang resmi yaiku layang sing digawe dening lembaga utawa organisasi. Dene layang ora resmi yaiku layang sing digawe individu kanggo individu lain.

B. Jenis Layang lan Tuladhane

Ing basa Jawa, layang kabagi dadi 6 miturut kegunaane. Jenis-jenis layang yaiku:

1. Layang iber-iber

Layang iber-iber yaiku layang pribadi sing sifate ora resmi utawa non-formal. Nanging, basa sing digawe ing sajroning layang tetep migunakake unggah-ungguh basa.

Layang iber-iber sing ditujukake dening wong tuwa ditulis ngganggo basa krama alus. Dening layang iber-iber sing ditujukake kanggo sahabat ditulis migunakake basa ngoko

Tuladhane layang iber-iber yaiku: 

Surakarta, 25 September 2022

Kanggo Kancaku,
Nalana Aleesya
Ing Jakarta

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Salam Kangen,

Nala, piye kabarmu lan keluarga ing Jakarta?. Muga-muga kowe lan keluarga diparingi rahayu slamet marang Gusti Allah. Kahananku ing kene tansa rahayu slamet lan ora kurang sawiji apa.

Awal sasi sesok, keluargaku arep ngejak aku lunga nang omahe simbah ing Jakarta. Amarga kuwi, aku pengen mampir ing omahmu. Suwi ora kepethuk, rasane aku wis kangen banget. Mengko ayo dolan keliling Jakarta karo aku, ya?.

Cukup semene wae layang saka aku. Muga-muga rencana dolan mrono iso kelaksanan tanpa alangan.

Wassalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

 

Saka Kancamu,

Kanayu Lestari

2. Layang kitir

Layang kiri yaiku memo utawa layang singkat sing isine informasi kanggo wong liyo. Layang kitir nduweni struktur sing luwih singkat dibandingke karo layang-layang lainne.

Struktur layang kitir mung telu nganti papat bagian. Struktur layang kitir yaiku satata basa (tujuan layang), surasa basa (isi layang), titi mangsa (panggonan lan tanggal layang), lan asma terang (nama pengirim). Layang kitir iso ditulis nggawa format formal utawa non-formal nanging tetep migunakake unggah-ungguh basa. 

Tuladhane layang kitir yaiku:

Katur mas Oni
ing dalem

Wiyose mas, menawi mboten ngerepoti, aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik kancaku kang lagi lara ing rumah sakit. Dene anggonku mbalekake insyaAllah mengko sore.

Adhimu
Inno

3. Layang ulem

Layang ulem yaiku layang undangan simg digunakake kanggo njaluk kehadirane wong liyo ana ing acara tertentu kaya nikahan, khitanan, utawa lainne. Layang ulem sifate formal sahingga basa sing digunakake yaiku basa krama.

Tuladhane layang ulem yaiku:

 

Mugi Katur Panjenenganipun
Bpk./Ibu/Sdr.________
wonten ing Palenggahan

 

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Rinenggo sagunging pakurmatan,
Kanthi panyuwun nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten longgaring wekdal, kula sakluwarga nyuwun kanthi sanget rawuhipun panjenengan mbenjang ing:

Dinten/tanggal : Senin, 10 Oktober 2022
Wanci                  : 18:00 (Ba’da Maghrib)
Panggenan         : Griyo Kula RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang
Wigatosing Atur : Walimatul Khitan

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula awit agunging kawigatosan rawuhipun panjenengan. Mugi Allah Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah lan wilujeng ing sedayanipun.

 

Wassalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Atur Taklim Kawulo,

Bpk. Hartono Sakeluarga

4. Layang lelayu

Layang lelayu yaiku layang sing isine kabar utawa pengumuman babagan sedane wong. Struktur layang lelayu yaiku judul, purwaka basa (pambuka), surasa basa (isi layang), wasana basa (penutup), prepenah lan asma terang (pembuat lan nama terang).

Tuladhane layang lelayu yaiku:

 

LELAYU

 

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

“INNALILLAHI  WAINNA ILAIHI ROJI’UN”

Sampun katimbalan sowan ing ngarso dalemipun Alloh ingkang Maha Kinasih kanthi tentrem panjenenganipun :

Bapak Abdullah

Yuswo : 50 Tahun

Jum’at, 21 Maret 2022

Wonten Rumah Sakit  Semarang            

Wanci jam 07.30 WIB

InsyaAllah badhe kasareaken:

Jum’at, 21 Maret 2022

Ba’da Dhuhur ing pesarean Kembar II

 

Mbok bilih rikolo sugengipun suwargi anggadahi kalepatan dumateng panjenengan sedoyo, saking kulowargo nyuwunaken agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Ingkang nandang duka:

1. Isma (Istri)

2. Luna  (anak )

3. Lio (anak)

5. Layang paturan

Layang paturan yaiku layang sing isine informasi utawa pengumuman sing ditujukake kanggo wong akeh. Layang paturan kui sifate formal, semi formal, utaw non-formal. Perangan utawa struktur layang paturan beda-beda tergantung jenis, kegunaan, lan sing nggawe layang paturan kasebut.

Tuladhane layang paturan yaiku:

 

Kanggo warga desa,

RT.04 RW.03 Kelurahan Kauman, Probolinggo

 

Dina Minggu sesuk bakal ana acara kerja bakti massal ing Kota Pobolinggo. Warga diaturi partisipasine nyuksesaske acara iki kanthi kerja bakti ngresiki lingkungan di sekitar RT.04 RW.03.

 

Ketua RT.04 RW.03

Bapak Rudi Hartanto

6. Layang dhawuh

Layang dhawuh yaiku layang perintah sing isine perintah kanggo wong liyo supaya ngelakoni suatu hal.

Tuladhane layang dhawuh yaiku:

 

Para siswa kang tansah daktresnani,

Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pendidikan OSIS SMA Negeri 1 Surabaya badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS bakal ngawontenaken kegiyatan maneka lomba, yaiku:

  • Lomba cerdas cermat antar kelas
  • Lomba maca geguritan
  • Lomba kebersihan kelas, lan
  • Lomba mading kelas

Kabeh lomba menika bakal dianakake ing:

Dinten : Senin-Selasa
Surya : 9-10 Mei 2022

Pramila, para siswa saged nyiapaken wakil kelasipun supados saged tumut berpartisipasi kangge ngelaksanakake lomba-lomba sing bakal dianakake.

Matur nuwun.

Surabaya, 7 Mei 2022
Ketua OSIS,


Muhammad Keanu

C. Struktur layang

Lumrahe layang nduweni perangan (struktur) penulisan. Perangan kui yaiku:

1. Titi mangsa yaiku panggonan lan tanggal penulisan layang. Titi mangsa biasane ditulis ana ing pojok tengen dhuwur layang.
2. Satata basa yaiku alamat tujuan layang
3. Adangiyah utawa adawiyah yaiku salam pembuka layang. Tuladhane yaiku:
a. Assalamualaikum warahmatullah wabarakatuh
b. Ingkang taklim
c. Sembah sungkem
4. Purwaka basa yaiku pembuka layang. Bagian iki biasane isine ucapan syukur utawa doa keslametan kanggo wong sing dikei layang. Ana ing layang resmi utawa formal purwaka basa isine pengantar dumugi maksud lan tujuan penulisan kayang.
5. Surasa basa yaiku isi utawa inti saka layang. Bagian iki isine informasi sing arep disampaikake pengirim layang kanggo penerima layang.
6. Wasana basa yaiku bagian penutup layang. Bagian iki isine harapan utawa permintaan maaf lan ucapan matur nuwun.
7. Prepenah yaiku keterangan babagan pengirim layang terkait karo penerima layang. Tuladhane misal bapak ngirim layang ning anake mula prepenah iso ditulis kanthi kata “Bapakmu”.
8. Tapak asma yaiku tanda tangan pengirim layang
9. Asma terang yaiku nama terang penulis layang.

REFERENSI

  • Syifa. (2022). “Layang 9Surat dalam Bahasa Jawa): Struktur, Jenis, dan Contohnya”. https://haloedukasi.com/layang
  • Jestica Anna. (2022). “3 Jenis Layang: Layang Kitir, Layang Iber-Iber, dan Layang Ulem”. https://adjar.grid.id/read/543321193/3-jenis-layang-layang-kitir-layang-iber-iber-dan-layang-ulem?page=all
Materi liyane:

  1. Basa Krama Desa
  2. Unggah Ungguhing Basa Jawa
  3. Tembang Dolanan Lir Ilir